.
>>>>> SEMOGA SEMUA MAKHLUK HIDUP BERBAHAGIA <<<<<


SERAT DHARMAGANDHUL_8

Carita adêge Nagara Islam ing Dêmak bêdhahe Nagara Majapahit kang salugune wiwite wong Jawa ninggal agama Buda banjur salin agama Islam.

(Cerita berdirinya Negara Islam di Demak, hancurnya Negara Majapahit, dimana saat itulah awal mula masyarakat Jawa meninggalkan agama Buda [Shiwa Buda] dan berganti memeluk agama Islam.)

Gancaran basa Jawa ngoko.
(Prosa dalam bahasa Jawa kasar)

Babon asli tinggalane K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.
(Diambil dari catatan induk asli peninggalan K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.)

Sunan Kalijaga ngrungu dhawuhe Sang Prabu kang mangkono iku ing sanalika mung dhêlêg-dhêlêg, ngandika sajroning ati: “Tan cidra karo dhawuhe Nyai Agêng Ngampelgadhing, yen eyang wungkuk isih mbrêgagah nggagahi nagara, ora nyawang wujuding dhiri, kulit kisut gêgêr wungkuk. Lamun iki ngantiya nyabrang marang Bali, ora wurung bakal ana pêrang gêdhe tur wadya ing Dêmak masa mênanga, amarga katindhihan luput, mungsuh ratu pindho bapa, kaping têlune kang mbêciki, wis mêsthi bae wong Jawa kang durung Islam yêkti asih marang Ratu tuwa, angantêp tangkêping jurit, mêsthi asor wong Islam tumpês ing pêpêrangan.”

Wusana Sunan Kalijaga matur alon: “Dhuh pukulun Jêng Sang Prabu! saupami paduka lajêngna rawuh ing bali, nimbali para Raja, saestu badhe pêrang gêgêmpuran, punapa botên ngeman risakipun nagari Jawi, sampun tamtu putra paduka ingkang badhe nêmahi kasoran, panjênêngan paduka jumênêng Nata botên lami lajêng surud, kaprabon Jawi kaliya ing sanes darah paduka Nata, saupami kados dene sêgawon rêbatan bathang, ingkang kêrah tulus kêrah têtumpêsan sami pêjah sadaya daging lan manah kathêda ing sêgawon sanesipun”.

Sang prabu Brawijaya ngandika: “Mungguh kang mangkono iki luwih-luwih karsane Dewa Kang Linuwih, ingsun iki Ratu Binathara, nêtêpi mripat siji, ora nganggo mata loro, mung siji marang bênêr paningalku, kang miturut adat pranatane para lêluhur. Saupama si Patah ngrasa duwe bapa ingsun, kêpengin dadi Ratu, disuwun krananing bêcik, karaton ing tanah Jawa, iya sun-paringake krana bêcik, ingsun wis kaki-kaki, wis warêg jumênêng Ratu, nrima dadi pandhita, pitêkur ana ing gunung. Balik samêngko si Patah siya mring sun, mêsthine-ingsun iya ora lila ing tanah Jawa diratoni, luwih karsaning Jawata Gung, pamintane marang para titah ing wuri.”

Sunan Kalijaga barêng mirêng pangandikane Sang Prabu, rumasa ora kaconggah ngaturi, mula banjur nyungkêmi pada, sarta banjur nyaosake cundrike karo matur, yen Sang Prabu ora karsa nglampahi kaya ature Sunan Kalijaga, Sunan Kalijaga nyuwun supaya dipateni bae, amarga lingsêm manawa mêruhi lêlakon kang saru.

Sang Prabu nguningani patrape Sunan kalijaga kang mangkono mau, panggalihe kanggêg, mula nganti suwe ora ngandika tansah têbah jaja karo nênggak waspa, sêrêt pangandikane: “Sahid! linggiha dhisik, tak-pikire sing bêcik, tak-timbange aturmu, bênêr lan lupute, têmên lan gorohe, amarga aku kuwatir yen aturmu iku goroh kabeh. Sumurupa Sahid! saupama aku kondur marang Majapahit, si Patah seba mênyang aku, gêthinge ora bisa mari, amarga duwe bapa Buda kawak kapir kupur, liya dina lali, aku banjur dicêkêl dibiri, dikon tunggu lawang pungkuran, esuk sore diprêdi sêmbahyang, yen ora ngrêti banjur diguyang ana ing blumbang dikosoki alang-alang garing.”

Sang Prabu mbanjurake pangandikane marang Sunan Kalijaga: “Mara pikirên, Sahid! saiba susahing atiku, wong wis tuwa, nyêkrukuk, kok dikum ing banyu”.

Sunan Kalijaga gumujêng karo matur: “Mokal manawi makatên, benjing kula ingkang tanggêl, botên-botênipun manawi putra paduka badhe siya-siya dhatêng panjênêngan paduka, dene bab agami namung kasarah sakarsa paduka, namung langkung utami manawi panjênêngan paduka karsa gantos sarak rasul, lajêng nyêbut asmaning Allah, manawi botên karsa punika botên dados punapa, tiyang namung bab agami, pikêkahipun tiyang Islam punika sahadat, sanadyan salat dhingklak-dhingkluk manawi dereng mangrêtos sahadat punika inggih têtêp nama kapir”.

Sang Prabu ngandika: “Sahadat iku kaya apa, aku kok durung ngrêti, coba ucapna tak-rungokne”.

Sunan kalijaga banjur ngucapake sahadat: ashadu ala ilaha ila’llah, wa ashadu anna Mukhammadar-Rasulu’llah, têgêsipun: Ingsung anêkseni, ora ana Pangeran kang sajati, amung Allah, lan anêkseni, Kangjêng Nabi Mukhammad iku utusane Allah”.

Ature Sunan Kalijaga marang Sang Prabu: “Tiyang nêmbah dhatêng arah kemawon, botên sumêrêp wujud têgêsipun, punika têtêp kapiripun, lan malih sintên tiyang ingkang nêmbah puji ingkang sipat wujud warni, punika nêmbah brahala namanipun, mila tiyang punika prêlu mangrêtos dhatêng lair lan batosipun. Tiyang ngucap punika kêdah sumêrêp dhatêng ingkang dipunucapakên, dene têgêsipun Nabi Mukhammad Rasula’llah: Mukhammad punika makam kuburan, dados badanipun tiyang punika kuburipun rasa sakalir, muji badanipun piyambak, botên muji Mukhammad ing ‘Arab, raganipun manusa punika wêwayanganing Dzating Pangeran, wujud makam kubur rasa, Rasul rasa kang nusuli, rasa pangan manjing lesan, Rasule minggah swarga, lu’llah, luluh dados êndhut, kasêbut Rasulu’llah punika rasa ala ganda salah, riningkês dados satunggal Mukhammad Rasula’llah, kang dhingin wêruh badan, kaping kalih wêruh ing têdhi, wajibipun manusa mangeran rasa, rasa lan têdhi dados nyêbut Mukhammad rasulu’llah, mila sêmbahyang mungêl “uzali” punika têgêsipun nyumêrêpi asalipun. Dene raganipun manusa punika asalipun saking roh idlafi, rohipun Mukhammad Rasul, têgêsipun Rasul rasa, wijile rasaning urip, mêdal saking badan kang mênga, lantaran ashadualla, manawi botên mêngrêtos têgêsipun sahadat, botên sumêrêp rukun Islam, botên mangrêtos purwaning dumados”.

Sunan kalijaga ature akeh-akeh, nganti Prabu Brawijaya karsa santun agama Islam, sawise banjur mundhut paras marang Sunan Kalijaga nanging remane ora têdhas digunting, mulane Sunan Kalijaga banjur matur, Sang Prabu diaturi Islam lair batos, amarga yen mung lair bae, remane ora têdhas digunting. Sang Prabu banjur ngandika yen wis lair batos, mulane kêna diparasi.

Sang Prabu sawise paras banjur ngandika marang Sabdapalon lan Nayagenggong: “Kowe karo pisan tak-tuturi, wiwit dina iki aku ninggal agama Buda, ngrasuk agama Islam, banjur nyêbut asmaning Allah Kang Sajati. Saka karsaku, kowe sakarone tak-ajak salin agama Rasul tinggal agama Buda”.

Sabdapalon ature sêndhu: “Kula niki Ratu Dhang Hyang sing rumêksa tanah Jawa. Sintên ingkang jumênêng Nata, dados momongan kula. Wiwit saking lêluhur paduka rumiyin, Sang Wiku Manumanasa, Sakutrêm lan Bambang Sakri, run-tumurun ngantos dumugi sapriki, kula momong pikukuh lajêr Jawi, kula manawi tilêm ngantos 200 taun, sadangunipun kula tilêm tamtu wontên pêpêrangan sadherek mêngsah sami sadherek, ingkang nakal sami nêdha jalma, sami nêdha bangsanipun piyambak, dumugi sapriki umur-kula sampun 2000 langkung 3 taun, momong lajêr Jawi, botên wontên ingkang ewah agamanipun, nêtêpi wiwit sapisan ngestokakên agami Buda. Sawêg paduka ingkang karsa nilar pikukuh luhur Jawi. Jawi têgêsipun ngrêti, têka narimah nama Jawan, rêmên manut nunut-nunut, pamrihipun damêl kapiran muksa paduka mbenjing.”

Sabdane Wiku tama sinauran gêtêr-patêr.

Sang Prabu Brawijaya sinêmonan dening Jawata, ênggone karsa mlêbêt agama Rasul, iya iku rêrupan kahanan ing dunya ditambahi warna têlu: 1: aran sukêt Jawan, 2: pari Randanunut, lan 3: pari Mriyi.

Sang Prabu andangu maneh: “Kapriye kang padha dadi kêkêncênganmu, apa gêlêm apa ora ninggal agama Buda, salin agama Rasul, nyêbut Nabi Mukhammad Rasula’llah panutaning para Nabi, lan nyêbut asmaning Allah Kang Sajati?”

Sabdapalon ature sêndhu: “Paduka mlêbêt piyambak, kula botên têgêl ningali watak siya, kados tiyang ‘Arab. Siya punika têgêsipun ngukum, tur siya dhatêng raga, manawi kula santun agami, saestu damêl kapiran kamuksan-kula, ing benjing, dene ingkang mastani mulya punika rak tiyang ‘Arab sarta tiyang Islam sadaya, anggenipun ngalêm badanipun piyambak. Manawi kula, mastani botên urus, ngalêm saening tangga, ngapêsakên badanipun piyambak, kula rêmên agami lami, nyêbut Dewa Ingkang Linangkung.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia

Mendengar kata-kata Sang Prabhu yang demikian, Sunan Kalijaga tercenung dan berkata dalam hati, “Benarlah apa yang dikatakan oleh Nyi Ageng Ngampelgadhing, bahwasanya eyang wungkuk (Prabhu Brawijaya) masih mempunyai nama besar dan masih punya kuasa. Sungguh tidak melihat diri sendiri, kulit yang sudah keriput punggung yang sudah bungkuk. Jikalau sampai menyeberang ke pulau Bali, pastilah akan terjadi perang besar dan dapat dipastikan kekuatan Demak tidak akan bisa menang. Sebab jelas-jelas Demak melakukan kesalahan yang tidak akan menarik simpati Negara manapun. Kesalahan pertama berani melawan ayahanda sendiri. Kesalahahn kedua berani melawan Raja tanpa ada masalah yang jelas dan kesalahan ketiga berani membalas kebaikan dengan kejahatan. Pastilah semua penduduk Jawa (Majapahit) yang belum masuk Islam akan membela Raja tua, mereka akan ikut memperkuat barisan, dan pastilah akan kalah orang Islam, habis binasa dalam peperangan yang bakal terjadi.”

Akhirnya Sunan Kalijaga pelan berkata,” Duh paduka yang mulia Kangjeng Sang Prabhu. Jikalau seandainya paduka terlaksana menyeberang ke Bali, terlaksana menggalang kekuatan para Raja bawahan Majapahit diluar Jawa, pastilah bakal terjadi perang besar. Apakah paduka tidak sayang akan kerusakan tanah Jawa kelak ? Sudah dapat dipastikan putra paduka (Raden Patah) yang akan menemui kekalahan. Paduka lantas kembali naik tahta, tak lama kemudian akan turun tahta karena jelas paduka sudah sepuh. Tahta Jawa lantas dikuasai oleh yang bukan keturunan darah paduka. Bagaikan anjing yang berebut bangkai, anjing yang bertengkar tak ada yang mengalah dan binasa kedua-duanya, sedangkan daging yang diperebutkan akhirnya dimiliki oleh anjing yang lain.”

Sang Prabhu Brawijaya menjawab, “Jikalau memang harus seperti itu kejadiannya nanti, semua aku pasrahkan kepada kehendak Dewa Yang Maha Lebih. Diriku ini Raja Besar, setia pada satu mata, tidak mempergunakan dua mata, hanya satu mata melihat kebenaran, kebenaran yang sudah ditetapkan turun temurun oleh leluhur tanah Jawa. Seandainya si Patah mengakui aku ayahnya, jika hanya ingin menjadi Raja, seharusnya mintalah tahta secara baik-baik. Tahta tanah Jawa pasti akan aku berikan dengan baik-baik pula. Diriku sudah tua, sudah bosan menjadi Raja, dan sudah saatnya menjadi Pandhita, menyepi dilereng gunung. Akan tetapi sekarang kenyataannya si Patah tega menyia-nyiakan diriku, demi Dewata Yang Agung pastilah sekarang diriku tidak akan rela jika tanah Jawa dikuasainya, begitu pula seluruh abdi-abdiku, tak ada yang rela jika tanah Jawa dikuasai Patah!”

Sunan Kalijaga, begitu mendengar kata-kata Sang Prabhu merasa sudah tidak bisa mencegah lagi. Sontak dia menyembah kaki Sang Prabhu. Kemudian melepas keris yang terselip dipinggang belakang serta disodorkan kepada Sang Prabhu sembari menyatakan, jikalau Sang Prabhu tidak mendengarkan kata-kata Sunan Kalijaga, Sunan Kalijaga memohon agar Sang Prabhu berkenan membunuhnya saat itu juga. Sunan Kalijaga merasa malu jika kelak harus melihat peperangan besar terjadi di Jawa antara ayah dan anaknya.

Melihat apa yang dilakukan oleh Sunan Kalijaga sedemikian itu, hati Sang Prabu beku dan teriris, lama tak mampu bersuara. Dada beliau seketika sesak dan tak terasa menetes air mata Prabhu Brawijaya. Bergetar suara Sang Prabhu, “Sahid, duduklah kembali, sudah akan aku pikirkan kembali kata-kataku, akan aku renungkan lagi semua ucapanmu, benar atau tidaknya, jujur atau bohong. Sebab aku khawatir apa yang kamu ucapkan semua tadi hanya bohong belaka. Ketahuilah Sahid, jika seandainya aku benar pulang kembali ke Majapahit, lantas si Patah menghadap dihadapanku. Kebenciannya tak mungkin bisa hilang, sebab merasa memiliki ayah orang Buda totok kafir kufur. Hanya sesaat dia bisa menghargaiku. Lain hari pasti akan lupa lagi. Mungkin aku nanti bisa juga dikebiri (sunat) olehnya, atau mungkin bisa juga disuruh menjaga pintu gerbang belakang. Pagi sore dipaksa melaksanakan sembahyang. Jika tidak bisa-bisa diguyur air dikolam dan dikosok tubuhku mengunakan daun alang-alang kering!”

Sang Prabhu melanjutkan ucapannya kepada Sunan Kalijaga, “Renungkanlah, Sahid. Bagaimana sedihnya hatiku, sudah tua, bungkuk, diperlakukan bagai anak kecil direndam di kolam sedemikian rupa.”

Sunan Kalijaga tersenyum sembari berkata,”Tak mungkin hingga sedemikian itu perlakuan putra paduka. Sungguh kelak saya yang akan bertanggung jawab. Saya pastikan putra paduka tidak akan berani berlaku sia-sia kepada paduka. Jika masalah agama, semua tergantung kepada pribadi pasuka sendiri. Akan tetapi akan lebih baik jika paduka memang berkenan berganti agama Buda dengan syari’at Rasul. Menyebut asma Allah. Jikalau memang tidak berkenan, tidak juga menjadi masalah. Agama bukan jaminan (menemukan kesejatian). Keyakinan orang Islam yang utama hanyalah sahadat. Walaupun shalat jempalitan, manakala belum memahami sahadat, tetap saja dinamakan kafir.”

Sang Prabhu berkata,”Apa Sahadat itu? Aku kok belum tahu, jelaskanlah akan aku dengarkan!”

Sunan Kalijaga lantas mengucapkan kalimat Sahadat: “Ashadualla illa haillallah, wa ashadu anna Muhammadarrasulullah. Artinya Aku bersaksi, tidak ada Tuhan yang sejati kecuali Allah. Dan aku bersaksi, Kangjeng Nabi Muhammad adalah utusan Allah.”

Lantas Sunan Kalijaga mengatakan lagi,”Manusia yang melakukan penyembahan kearah kiblat semata, akan tetapi tidak juga memahami maksudnya, tetaplah dinamakan kafir. Dan lagi manusia yang menyembah sesuatu yang berwujud dan berwarna, itu disebut menyembah berhala. Maka oleh karenanya, manusia wajib memahami dirinya dari lahir hingga batin. Manusia mengucapkan sesuatu harus tahu apa yang diucapkan. Sesungguhnya yang disebut Nabi Muhammad Rasulullah, Muhamad itu sejatinya adalah bagaikan makam atau kuburan. Badan sejati manusia ini (Ruh) ibarat tempat tertanamnya/melekatnya segala gejolak batin. Sesungguhnya yang mengucapan sahadat adalah menyaksikan Diri-nya sendiri (Ruhnya sendiri sebagai utusan Allah), bukan naik saksi kepada Muhammad yang ada di Arab. Badan (sejati) manusia ini adalah Percikan Dzat Tuhan. Diibaratkan sebagai kubur atau makam segala rasa dan gejolak batin. (Diri sejati sebagai) Rasul (utusan) akan dapat di-Rasa-kan (oleh Ruh). Bukan dirasakan bagai merasakan Rasa makanan (dan segala rasa pancaindriya, akan tetapi Rasa sadar bahwa diri ini adalah utusan Tuhan). Rasul (utusan/Ruh) ini murni illahi. Lullah (dari Allah) bisa juga diartikan bagaikan luluh. Seperti lumpur yang luluh. Rasulullah (Utusan Allah/Ruh ini) sesungguhnya adalah illlahi yang diselimuti oleh rasa negative dan segala yang jelek. Muhammad Rasulullah (Ruh adalah utusan Allah). Untuk menyadarinya pertama-tama harus memahami apa badan (kasar) ini, kedua memahami segala keinginan (gejolak batin/badan halus). Sudah wajib semua manusia mencermati segala rasa (gejolak batin yang ditimbulkan oleh badan halus). Rasa dan Tedhi (semua gejolak batin yang halus) itulah yang melekati Muhammad Rasulullah (Ruh utusan Allah). Oleh karenanya setiap melakukan shalat orang Islam harus mengawali dengan ucapan ‘Usholi’ artinya berniat sungguh-sungguh untuk mengetahui asal-usul (Ruh ini). Raga manusia ini berasal dari bayangan Ruh Idhofi, yaitu Muhammad Rasulullah itu sendiri. Yang dimaksud Rasul adalah utusan yang harus bisa di Rasa (disadari) bahwsanya kita ini utusan sejati. Dari sanalah benih segala kehidupan. Akan bisa dicapai dengan kesadaran terbuka. Diawali memahami ashadualla (sahadat). Jika tidak memahami apa arti sahadat sesungguhnya, maka tidak sempurna rukun Islam dan tidak akan mengetahui awal asal usul kehidupan kita!”

Banyak yang dihaturkan oleh Sunan Kalijaga sehingga Prabhu Brawijaya akhirnya tertarik dan berkenan memeluk agama Islam. Lantas kemudian Sunan Kalijaga memohon agar diperkenankan memotong rambut panjang Sang Prabhu akan tetapi tidak bisa terpotong saat digunting. Oleh karenanya Sunan Kalijaga lantas menyarankan agar Sang Prabhu benar-benar sungguh-sungguh masuk Islam lahir batin. Sebab jika hanya lahir saja, rambut tidak akan mempan digunting. Sang Prabhu lantas berkata bahwa dirinya sudah lahir batin, oleh karenanya rambut lantas bisa dipotong.

Selesai dipotong rambutnya Sang Prabhu lantas berkata kepada Sabda Palon dan Naya Genggong, “Kalian semua aku jadikan saksi, bahwa mulai hari ini aku meninggalkan agama Buda dan memeluk agama Islam. Menyebut asma Allah Yang Sejati. Keinginanku, kalian berdua aku harapkan ikut berganti memeluk agama Rasul dan meninggalkan agama Buda!”

Sedih Sabda Palon menjawab, “ Hamba ini adalah Raja Dang Hyang (makhluk gaib) yang menjaga tanah Jawa. Siapapun yang menjadi Raja, adalah momongan hamba. Mulai dari leluhur paduka dulu, yaitu Wiku Manumanasa, Raden Sakutrem hingga Bambang Sakri, turun temurun hingga sekarang ini, semua menjadi momongan hamba dan hamba ajari ajaran Jawa sejati. Jika hamba tidur, mampu tidur selama 200 tahun. Selama saya tidur di Jawa akan banyak terjadi peperangan antar saudara. Yang kuat akan memangsa sesame manusia, menghancurkan sesame bangsanya sendiri. Hingga sat ini usia hamba 2003 tahun. Hamba telah momong ajaran Jawa, semua yang hamba momong selama ini tak ada yang berubah agamanya. Memegang teguh agama Buda. Hanya paduka sekarang saja yang berani meninggalkan ajaran leluhur Jawa. Jawa artinya paham , yang sudah paham disebut Jawan (Sadar). Sadar bahwa badan sejati ini hanya sementara tinggal didunia, tujuannya adalah meraih moksha!”

Ucapan Wiku Utama dibarengi seketika oleh suara gemuruh guntur!

Sang Prabhu Brawijaya oleh para Dewa disindir karena telah memeluk agama Rasul. Tiga sindiran yang muncul di bhumi Jawa mulai sat itu adalah 1. Suket Jawan (Rumput Jawan), 2. Pari Randhanunut (Padi Randhanunut, Randha : Janda, Nunut : ikut tinggal/Numpang Randhanunut ~ Seorang jandha yang ikut tinggal/numpang hidup) dan 3. Pari Mriyi (Padi Mriyi).

(Konon mulai saat itulah muncul Padi dan Rumput dengan nama seperti diatas. Rumput Jawan, maksudnya Kesadaran yang telah rendah serendah rumput yang bisa diinjak-injak. Padi Randhanunut, maksudnya padi/makanan batin/ajaran agama milik seorang janda yang tinggal numpang dirumah seseorang, alias kebenaran yang dimiliki oleh sekelompok manusia yang kehilangan pasangan sejati/Tuhan yang numpang di Jawa dan Padi Mriyi adalah Padi yang kecil-kecil, maksudnya makanan batin/ajaran yang masih berupa jenis yang kecil : Damar Shashangka)

Sang Prabhu berkata lagi, “Aku Tanya lagi bagaimana niatanmu, mau atau tidak meninggalkan agama Buda berganti memeluk agama Rasul. Menyebut nama Nabi Muhammad Rasulullah, panutan para Nabi dan menyebut asma Allah Yang Sejati?”

Sabda Palon sedih berkata,”Silakan paduka sendiri saja yang masuk, hamba tidak tega melihat kelakuan sia-sia mereka, seperti watak orang Arab. Sia-sia artinya suka menghukum (menghakimi), menghakimi semua yang berbadan. Jikalau hamba berganti agama, jelas akan membuat tak berguna tujuan moksha hamba kelak. Yang mengaku paling mulia itu hanya orang Arab saja dan diikuti oleh orang Islam semua. Memuji dan meninggikan kelompoknya sendiri. Menurut hamba lebih baik tidak usah mengurusi (menghakimi) tetangga (agama lain). Perbuatan semacam itu (suka menghakimi agama lain) hanya akan menunjukkan rendahnya pemahaman diri. Saya tetap menyukai agama lama, tetap suka menyebut Tuhan dengan nama Dewa Yang Maha Lebih!”
Damar Shashangka
Share this article :

Posting Komentar

 
Support : Editing Website | Bms_75
Copyright © 2014. Bms_75
Template Editing and Published by Bms_75
Proudly powered by Blogger