.
>>>>> SEMOGA SEMUA MAKHLUK HIDUP BERBAHAGIA <<<<<


SERAT DHARMAGANDHUL_7

SERAT DARMAGANDHUL_7

Carita adêge Nagara Islam ing Dêmak bêdhahe Nagara Majapahit kang salugune wiwite wong Jawa ninggal agama Buda banjur salin agama Islam.

(Cerita berdirinya Negara Islam di Demak, hancurnya Negara Majapahit, dimana saat itulah awal mula masyarakat Jawa meninggalkan agama Buda [Shiwa Buda] dan berganti memeluk agama Islam.)

Gancaran basa Jawa ngoko.
(Prosa dalam bahasa Jawa kasar)

Babon asli tinggalane K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.
(Diambil dari catatan induk asli peninggalan K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.)

Banjure pangandikane Nyai Agêng Ngampel: “Putu! kowe tak- dongengi kupiya patang prakara, ing kitab hikayat wis muni, carita tanah Mêsir, panjênêngane Kanjêng Nabi Dawud, putrane anggege kapraboning rama, Nabi Dawud nganti kengsêr saka nagara, putrane banjur sumilih jumênêng Nata, ora lawas Nabi Dhawud sagêd wangsul ngrêbut nagarane. Putrane nunggang jaran mlayu mênyang alas, jarane ambandhang kêcanthol-canthol kayu, nganthi pothol gumantung ana ing kayu, iya iku kang diarani kukuming Allah. Ana maneh caritane Sang Prabu Dewata-cêngkar, iku iya anggege kapraboning rama, nanging banjur disotake dening ingkang rama banjur dadi buta, sabên dina mangsa jalma, ora suwe antarane, ana Brahmana saka tanah sabrang angajawa, aran Aji Saka, anggêlarake panguwasa sulap ana ing tanah Jawa. Wong Jawa akeh kang padha asih marang Aji Saka, gêthing marang Dewatacêngkar, Ajisaka diangkat dadi Raja, Dewatacêngkar dipêrangi nganti kêplayu, ambyur ing sagara, dadi bajul, ora antara suwe banjur mati. Ana maneh caritane nagara Lokapala uga mangkono, Sang Prabu Danaraja wani karo ingkang rama, kukume iya isih tumindak kaya kang tak-caritakake mau, kabeh padha nêmu sangsara. Apa maneh kaya kowe, mungsuh bapa kang tanpa prakara, kowe mêsthi cilaka, patimu iya mlêbu mênyang yomani, kang mangkono iku kukume Allah”.

Sang Prabu Jimbun mirêng pangandikane ingkang eyang, panggalihe rumasa kêduwung bangêt, nanging wis ora kêna dibalekake.

Nyai Agêng Ngampel isih nêrusake pangandikane: “Kowe kuwi dilêbokake ing loropan dening para ngulama lan para Bupati, mung kowe kok gêlêm nglakoni, sing nglakoni cilaka rak iya mung kowe dhewe, tur kelangan bapa, salawase urip jênêngmu ala, bisa mênang pêrang nanging mungsuh bapa Aji, iku kowe mrêtobata marang Kang Maha Kuwasa, kiraku ora bakal oleh pangapura, sapisan mungsuh bapa, kapindho murtat ing Ratu, kaping têlune ngrusak kabêcikan apa dene ngrusak prajane tanpa prakara. Adipati Pranaraga lan Adipati Pêngging masa trimaa rusaking Majapahit, mêsthine labuh marang bapa, iku bae wis abot sanggane”. Nyai Agêng akeh-akeh pangandikane marang Prabu Jimbun. Sawise Sang Prabu dipangandikani, banjur didhawuhi kondur mênyang Dêmak, sarta didhawuhi nglari lolose ingkang rama, yen wis kêtêmu diaturana kondur mênyang Majapahit, lan aturana mampir ing Ngampelgadhing, nanging yen ora kêrsa, aja dipêksa, amarga yen nganti duka mangka banjur nyupatani, mêsthi mandi.

Sang Prabu Jimbun sarawuhe ing Dêmak, para wadya padha sênêng-sênêng lan suka-suka nutug, para santri padha trêbangan lan dhêdhikiran, padha angucap sukur lan bungah bangêt dene Sang Prabu wis kondur sarta bisa mênang pêrange.

Sunan Benang mêthukake kondure Sang Prabu Jimbun, Sang Nata banjur matur marang Sunan Benang yen Majapahit wis kêlakon bêdhah, layang-layang Buda iya wis diobongi kabeh, sarta ngaturake yen ingkang rama lan Raden Gugur lolos, Patih Majapahit mati ana samadyaning papêrangan, Putri Cêmpa wis diaturi ngungsi mênyang Benang, wadya Majapahit sing wis têluk banjur padha dikon Islam.

Sunan Benang mirêngake ature Sang Prabu Jimbun, gumujêng karo manthuk-manthuk, sarta ngandika yen wis cocog karo panawange.

Sang Prabu matur, yen kondure uga mampir ing Ngampeldhênta, sowan ingkang eyang Nyai Agêng Ngampel, ngaturake yen mêntas saka Majapahit, sarta nyuwun idi ênggone jumênêng Nata, nanging ana ing Ngampel malah didukani sarta diuman-uman, ênggone ora ngrêti marang kabêcikane Sang Prabu Brawijaya, nanging sawise, banjur didhawuhi ngupaya ingkang rama, apa sapangandikane Nyai Agêng Ngampel diaturake kabeh marang Sunan Benang.

Sunan Benang sawise mirêngake ature Sang Nata ing batos iya kêduwung, rumaos lupute, dene ora ngelingi marang kabêcikane Sang Prabu Brawijaya. Nanging rasa kang mangkono mau banjur dislamur ing pangandika, samudanane nyalahake Sang Prabu Brawijaya lan Patih, ênggone ora karsa salin agama Islam.

Sunan Benang banjur ngandika, yen dhawuhe Nyai Agêng Ngampel ora pêrlu dipanggalih, amarga panimbange wanita iku mêsthi kurang sampurna, luwih bêcik ênggone ngrusak Majapahit dibanjurake, yen Prabu Jimbun mituhu dhawuhe Nyai Ngampeldhênta, Sunan Benang arêp kondur mênyang ‘Arab, wusana Prabu Jimbun banjur matur marang Sunan Benang, yen ora nglakoni dhawuhe Nyai Ngampel, mêsthine bakal oleh sabda kang ora bêcik, mula iya wêdi.

Sunan Benang paring dhawuh marang Sang Prabu, yen ingkang rama mêksa kondur mênyang Majapahit, Sang Prabu didhawuhi sowan nyuwun pangapura kabeh kaluputane, dene yen arêp ngaturi jumênêng Nata maneh, aja ana ing tanah Jawa, amarga mêsthi bakal ngribêdi lakune wong kang padha arêp salin agama Islam, supaya dijumênêngake ana seje nagara ing sajabaning tanah Jawa.

Sunan Giri banjur nyambungi pangandika, mungguh prayoganing laku supaya ora ngrusakake bala, Sang Prabu Brawijaya sarta putrane bêcik ditênung bae, awit yen mateni wong kapir ora ana dosane.

Sunan Benang sarta Prabu Jimbun wis nayogyani panêmune Sunan Giri kang mangkono mau.

Gênti kang cinarita, tindake Sunan kalijaga ênggone ngupaya Sang Prabu Brawijaya, mung didherekake sakabat loro lakune kêlunta-lunta, sabên desa diampiri, saka ênggone ngupaya warta. Lampahe Sunan Kalijaga turut pasisir wetan, sing kalangkungan tindake Sang Prabu Brawijaya.

Lampahe Sang Prabu Brawijaya wis têkan ing Blambangan, sarehne wis kraos sayah banjur kendêl ana sapinggiring beji. Ing wêktu iku panggalihe Sang Prabu pêtêng bangêt, dene sing marak ana ngarsane mung kêkasih loro, iya iku Nayagenggong lan Sabdapalon, abdi loro mau tansah gêguyon, lan padha mikir kahaning lêlakon kang mêntas dilakoni, ora antara suwe kêsaru sowanne Sunan Kalijaga, banjur ngabêkti sumungkêm padane Sang Prabu.

Sang Prabu banjur ndangu marang Sunan Kalijaga: “Sahid! kowe têka ana apa? Apa prêlune nututi aku?”

Sunan Kalijaga matur: “Sowan kula punika kautus putra paduka, madosi panjênêngan paduka, kapanggiha wontên ing pundi-pundi, sêmbah sungkêmipun konjuka ing pada paduka Aji, nuwun pangaksama sadaya kasisipanipun, dene ngantos kamipurun ngrêbat kaprabon paduka Nata, awit saking kalimputing manah mudha punggung, botên sumêrêp tata krami, sangêt kapenginipun mêngku praja angreh wadyabala, sineba ing para bupati. Samangke putra paduka rumaos ing kalêpatanipun, dene darbe bapa Ratu Agung ingkang anyêngkakakên saking ngandhap aparing darajat Adipati ing Dêmak, tangeh malêsa ing sih paduka Nata, ing mangke putra paduka emut, bilih panjênêngan paduka linggar saking praja botên kantênan dunungipun, punika putra paduka rumaos yen mêsthi manggih dêdukaning Pangeran. Mila kawula dinuta madosi panjênêngan paduka, kapanggiha wontên ing pundi-pundi ingaturan kondur rawuh ing Majapahit, têtêpa kados ingkang wau-wau, mêngku wadya sineba para punggawa, aweta dados jêjimat pinundhi-pundhi para putra wayah buyut miwah para santana, kinurmatan sinuwunan idi wilujêngipun wontên ing bumi. Manawi paduka kondur, putra paduka pasrah kaprabon paduka Nata, putra paduka nyaosakên pêjah gêsang, yen kaparêng saking karsa paduka, namung nyuwun pangaksama paduka, sadayaning kalêpatanipun, lan nyuwun pangkatipun lami dados Adipati ing Dêmak, têtêpa kados ingkang sampun. Dene yen panjênêngan paduka botên karsa ngasta kaprabon Nata, sinaosan kadhaton wontên ing rêdi, ing pundi sasênênging panggalih paduka, ing rêdi ingkang karsakakên badhe dipundhêpoki, putra paduka nyaosi busana lan dhahar paduka, nanging nyuwun pusaka Karaton ing tanah Jawa, dipunsuwun ingkang rila têrusing panggalih”.

Sang Prabu Brawijaya ngandika: “Ingsun-rungu aturira, Sahid! nanging ora ingsun-gatekake, karana ingsun wis kapok rêmbugan karo santri padha nganggo mata pitu, padha mata lapisan kabeh, mula blero pandulune, mawas ing ngarêp nanging jêbul anjênggung ing buri, rêmbuge mung manis ana ing lambe, batine angandhut pasir kinapyukake ing mata, murih picêka mataku siji. Sakawit ingsun bêciki, walêse kaya kênyung buntut, apa ta salah-ingsun, têka rinusak tanpa prakara, tinggal tata adat caraning manusa, mukul pêrang tanpa panantang, iku apa nganggo tataning babi, dadi dudu tataning manusa kang utama”.

Sunan Kalijaga barêng ngrungu pangandikane Sang Prabu rumasa ing kaluputane ênggone melu mbêdhah karaton Majapahit, ing batin bangêt panalangsane, dene kadudon kang wis kêbanjur, mula banjur ngrêrêpa, ature: “Inggih saduka-duka paduka ingkang dhumawa dhatêng putra wayah, mugi dadosa jimat paripih, kacancang pucuking rema, kapêtêk wontên ing êmbun, mandar amêwahana cahya nurbuwat ingkang wêning, rahayunipun para putra wayah sadaya. Sarehning sampun kalêpatan, punapa malih ingkang sinuwun malih, kajawi namung pangapuntên paduka. wangsul karsa paduka karsa tindak dhatêng pundi?”

Sang Prabu Brawijaya ngandika: “Saiki karsaningsun arsa tindak mênyang Bali, kêtêmu karo yayi Prabu Dewa agung ing Kêlungkung, arsa ingsun-wartani pratingkahe si Patah, sikara wong tuwa kang tanpa dosa, lan arsa ingsun-kon nimbali para Raja kanan kering tanah jawa, samêkta sakapraboning pêrang, lan Adipati Palembang sun-wehi wêruh, yen anake karo pisan satêkane tanah Jawa sun-angkat dadi Bupati, nanging ora wêruh ing dalan, banjur wani mungsuh bapa Ratu, sun-jaluk lilane anake arêp ingsun pateni, sabab murtat wani ing bapa kapindhone Ratu, lan ingsun arsa angsung wikan marang Hongte ing Cina, yen putrane wis patutan karo ingsun mêtu lanang siji, ananging ora wêruh ing dalan, wani mungsuh bapa ratu, iya ingsun-jaluk lilane, yen putune arsa ingsun-pateni, ingsun njaluk biyantu prajurit Cina, samêkta sakapraboning pêrang, njujuga nagari Bali. Yen wis samêkta sawadya prajurit, sarta padha eling marang lêlabêtan kabêcikaningsun, lan duwe wêlas marang wong wungkuk kaki-kaki, yêkti padha têka ing Bali sagêgamaning pêrang, sun-jak marang tanah Jawa angrêbut kapraboningsun, iya sanadyan pêrang gêdhe gêgêmpuran amungsuh anak, ingsun ora isin, awit ingsun ora ngawiti ala, aninggal carane wong agung.”

Terjemahan dalam bahasa Indonesia

Lantas Nyi Ageng Ngampel berkata lagi, “ Cucuku, dengarkanlah aku akan menceritakan empat kisah lama yang bisa dijadikan suri tauladan. Dalam sebuah kitab hikayat telah diceritakan, di tanah Mesir (yang benar cerita ditanah Israel atau Isroil, penulis Darmagandhul membuat kesalahan disini. Ini membuktikan sang penulis bukan misionaris Kristiani seperti yang dituduhkan oleh beberapa kalangan akhir-akhir ini. Jika benar sang penulis adalah misionaris Kristiani, mana mungkin melakukan sebuah kesalahan semacam ini, dimana kisah Nabi Daud dikatakan cerita dari Mesir. Dalam Kitab Perjanjian Lama sudah jelas diketahui Daud adalah orang Israel dan Raja Israel, dan seorang Kristiani tak mungkin akan salah jika bertutur tentang Daud dan Israel-nya. : Damar Shashangka) bahwa pernah suatu ketika putra Kangjeng Nabi Daud pernah merebut tahta ayahnya. Nabi Daud sampai harus meloloskan diri dari kerajaan dan sang putra mengukuhkan diri sebagai Raja. Tidak berapa lama Nabi daud berhasil merebut kerajaannya. Sang putra lari dengan menunggang kuda ke hutan, kuda berlari tak bisa dikendalikan hingga sang putra tersangkut pohon dan batu, dan tewas dengan tubuh tersangkut pada sebatang pohon. Itulah yang disebut hukum Allah. Ada lagi cerita dari Prabhu Dewatacengkar, dia juga merebut tahta ayahandanya, dikutuk oleh sang ayah menjadi raksasa, setiap hari harus memakan daging manusia, tidak berapa lama kemudian, datanglah seorang Brahmana dari tanah seberang (India) ke Jawa, bernama Aji Saka, membawa kesaktian ditanah Jawa. Seluruh masyarakat Jawa mengasihi Aji Saka, dan membenci Dewatacengkar. Aji Saka diangkat menjadi Raja, Dewatacengkar dilawan hingga lari menceburkan diri ke samudera, berubah menjadi buaya, tidak berapa lama kemudian meninggal. Ada lagi cerita dari negara Lokapala, Sang Prabhu Danaraja berani melawan ayahandanya, hukuman yang diterima juga tak jauh beda dengan cerita sebelumnya, semua menemui kesengsaraan. Dan sedangkan kamu, melawan ayah tanpa dosa, pastilah kamu menemui kesengsaraan, jika kelak meninggal pasti akan masuk neraka, itulah hukum Allah bagimu!”

Mendengar penuturan sang nenek, Sang Prabhu Jimbun dalam hati merasa menyesal, akan tetapi semua sudah terlanjur.

Nyi Ageng Ngampel masih meneruskan penuturannya,”Ketahuilah dirimu itu diperalat oleh para Ulama dan para Bupati, mengapa kamu menurut saja? Yang akan menerima kesengsaraan pastilah hanya dirimu seorang, sudah kehilangan ayah, seumur hidup namamu akan tercemar. Kebanggaan apa yang kamu dapatkan unggul berperang dengan ayah sendiri yang patut dihormati? Walau kamu bertaubatl kepada Yang Maha Kuasa, menurutku tidak akan diterima taubatmu. Kesalahan pertama kamu berani melawan ayahanda sendiri, kesalahan kedua berani menentang Raja, kesalahan ketiga membalas kebaikan dengan kejahatan serta melakukan perusakan dan pembunuhan tanpa ada dosa. Ingat, Adipati Pranaraga (Bathara Katong) dan dipati Pengging (Adipati Andayaningrat) tidak akan mungkin bisa menerima kehancuran Majapahit, pasti mereka akan membela ayah mereka, menghadapi hal itu saja sudah sangat berat buatmu.” Banyak lagi penuturan Nyi Ageng kepada Prabhu Jimbun. Sesudah Sang Prabhu selesai dinasehati, lantas disuruh pulang ke Demak serta disuruh mencari kemana perginya ayahandanya. Jika sudah ditemukan supaya diminta pulang kembali ke Majapahit, sebelumnya diminta mampir ke Ngampelgadhing. Akan tetapi jika tidak berkenan, tidak boleh dipaksa, sebab jikalau sampai membuat kemarahan beliau lagi dan sampai mengeluarkan kutuk, pasti akan terjadi kutukan itu.

Sesampainya di Demak, Sang Prabhu Jimbun melihat seluruh prajuridnya tengah bersuka cita dan bersenang-senang merayakan kemenangan, sedangkan para santri semua memukur rebana sembari berdzikir, mengucapkan syukur dan suka dihati melihat Sang Prabhu pulang sembari membawa kemenangan.

Sunan Benang menyambut kedatangan Sang Prabhu Jimbun, Sang Raja lantas melaporkan kepada Sunan Benang bahwa Majapahit sudah bisa dijebol, seluruh kitab-kitab Buda sudah dibakar semua, serta melaporkan bahwasanya ayahandanya berikut Raden Gugur lolos dari istana, sedangkan Patih Majapahit tewas ditengah medan peperangan. Putri Cempa dibawa mengungsi ke Benang, semua prajurid Majapahit yang menyerah dipaksa masuk Islam.

Mendengar laporan Sang Prabhu Jimbun, Sunan Benang tertawa sembari mengangguk-angguk dan berkata kalau sudah sesuai dengan apa yang sudah dilihatnya secara gaib.

Sang Prabhu berkata lagi, sebelum pulang ke Demak menyempatkan mampir ke Ngampeldhenta, sowan kepada eyang Nyi Ageng Ngampel, melaporkan kepada beliau jika baru saja berhasil menjebol Majapahit dan meminta restu untuk menjadi Raja. Akan tetapi di Ngampel malah dimarahi habis-habisan karena menurut beliau dirinya tidak bisa melihat kebaikan Sang Prabhu Brawijaya. Sesudah itu, diutus oleh beliau agar mencari jejak kepergian ayahandanya, semua yang diucapkan Nyi Ageng Ngampel dihaturkan semua kepada Sunan Benang.

Sesudah mendengar penuturan Sang Raja, didalam hati Sunan Benang merasa menyesal, menyadari kesalahannya, dimana dirinya tidak mengingat semua kebaikan Sang Prabhu Brawijaya yang telah diberikan kepadanya. Akan tetapi perasaan sesal itu segera ditepis dengan ucapan bahwasanya tindakan menjebol Majapahit itu sudah benar karena Sang Prabhu Brawijaya dan Patih tidak mau memeluk agama islam.

Sunan Benang lantas berkata bahwasanya seluruh penuturan Nyi Ageng Ngampel tidak perlu dirisaukan, sebab akal seorang wanita itu pasti kurang sempurna dibandingkan dengan akal pria, lebih baik usaha menjebol Majapahit terus dilanjutkan. Jikalau Prabhu Jimbun menuruti nasehat Nyi Ageng Ngampeldhenta, Sunan Benang memutuskn hendak pulang ke Arab. Prabhu Jimbun berkata kepada Sunan Benang, bahwasanya jikalau tidak menuruti perintah Nyi Ngampel, pastinya akan mendapatkan kutuk yang tidak baik, oleh karenanya dirinya merasa takut.

Sunan Benang memberikan jalan keluar kepada Sang Prabhu, jikalau memang Sang Prabhu Brawijaya diusahakan kembali ke Majapahit, maka Sang Prabu Jimbun harus menghadap dan memohon maaf atas segala kesalahan yang telah dilakukan. Namun jika hendak diangkat kembali menjadi Raja, jangan diangkat di Jawa, sebab pastinya akan menjadi penghalang bagi mereka yang hendak memeluk agama Islam. Seyogyanya dikukuhkan sebagai Raja diluar pulau Jawa, dimana saja diwilayah Majapahit asal tidak di pulau Jawa!

Sunan Giri lantas menyambung, dia berpendapat jalan yang terbaik agar tidak sampai terjadi pertumpahan darah yang berkelanjutan, Sang Prabhu Brawijaya beserta para putra-putra yang masih memiliki kuasa dibeberapa daerah seyogyanya ditenung (di santet) saja, membunuh orang kafir itu tidak ada dosanya!

Sunan Benang dan Prabhu Jimbun akhirnya menyetujui pendapat Sunan Giri tersebut.

Berganti cerita, perjalanan Sunan Kalijaga yang tengah berusaha melacak jejak Sang Prabhu Brawijaya, hanya didampingi dua orang murid. Perjalanan mereka terlunta-lunta. Setiap desa dimasuki hanya demi mencari kabar berita. Perjalanan Sunan Kalijaga sampai dipesisir timur pulau Jawa, dimana disanalah Sang Prabhu Brawijaya tengah berada.

Perjalanan dari Prabhu Brawijaya sendiri sudah sampai di Blambangan. Karena rombongan merasa lelah lantas beristirahat disamping danau. Pada saat itu suasana hati Sang Prabhu sangat gelap. Yang menghadap didepan beliau hanya dua orang abdi terkasih, tak lain adalah Nayagenggong dan Sabdapalon. Kedua abdi ini terus mengcoba menghibur hati Sang Prabhu agar tidak terus larut dalam kesedihan karena kejadian yang baru dialami. Tidak berapa lama datanglah Sunan Kalijaga, menghaturkan sembah dibawah kaki Sang Prabhu.

Sang Prabhu lantas bertanya kepada Sunan Kalijaga,” Sahid, mengapa kamu ada disini? Ada perlu apa menguntit perjalananku?”

Sunan Kalijaga menjawab, “Sowan hamba ini diutus oleh putra paduka untuk mencari keberadaan paduka. Jika bertemu dimanapun, agar supaya sembah sujud sang putra dihaturkan kepada paduka. Memonon maaf atas segala kesalahan yang telah diperbuat yang telah berani merebut tahta. Disebabkan kebodohan hati seorang muda, yang belum memahami tata krama, terlalu lancang menuruti keinginan hati agar bisa menjadi seorang Raja yang mempunyai banyak wadyabala dan dihadap oleh banyak Bupati. Dan saat ini, putra paduka telah menyadari segala kekeliruannya. Dimana dia yang telah memiliki seorang ayah Raja Besar, yang telah mengangkat derajatnya dari orang rendah menjadi seorang Adipati Demak, akan tetapi balasannya seperti ini. Saat ini putra paduka telah menyadari, setelah paduka lolos dari istana dan tidak diketahui lagi keberadaannya, putra paduka merasa menyesal dan takut mendapatkan hukuman Tuhan. Oleh karenanya hamba diutus untuk melacak keberadaan paduka, pesannya jika bertemu dimana saja diharapkan sudilah kiranya kembali ke Majapahit, kembali bertahta seperti sediakala, mennguasai para prajurid dan dihadap para punggawa, lestari menjadi sesepuh yang dihormati oleh para putra dan cucu serta para kawula alit. Dihormati dan dimintai restunya. Jikalau paduka berkenan pulang, putra paduka rela menyerahkan tahta kembali kepada paduka, putra paduka berserah diri hidup dan matinya kepada paduka. Namun jika diperkenankan, putra paduka hanya memohon agar dimaafkan segala kesalahannya yang telah dibuat dan agar diperkenankan tetap menjabat sebagai Adipati Demak, seperti yang sudah-sudah. Akan tetapi jika paduka tidak berkenan menerima tahta kembali, jika menginginkan mendirikan istana di mana saja, walaupun dilereng gunung-pun, dimanapun yang paduka senangi, putra paduka akan membuatkan dan akan menjamin sandang dan pangan paduka, akan tetapi memohon agar berkenan memberikan pusaka (tahta) tanah Jawa. Tahta diminta dengan segala kerendahan dan kerelaan hati.”

Sang Prabhu Brawijaya berkata,”Telah ku dengar semua penuturanmu, Sahid! Akan tetapi tidak aku pedulikan lagi, sebab diriku sudah kapok mendengarkan ucapan para santri yang mempunyai mata tujuh buah (maksudnya banyak akalnya), dan semua mata tersebut mata yang dilapisi, sehingga tidak terang dan jelas penglihatannya. Baik dimuka tapi memukul dari belakang. Kata-katanya hanya manis dibibir, akan tetapi hatinya penuh dengan debu kotoran yang dilemparkan ke wajahku sehingga butalah mataku ini. Sudah aku berikan kebaikan, balasannya bagaikan tingkah makhluk yang berekor. Apa salahku sehingga dirusak tanpa dosa, meninggalkan segala tata cara dan etika manusia, mengobarkan peperangan tanpa tantangan, apakah memakai cara babi, sehingga tidak memakai etika manusia?”

Mendengar jawaban Sang Prabhu, Sunan Kalijaga merasa ikut bersalah karena secara tidak langsung ikut membiarkan kehancuran Majapahit, dalah batin sangat-sangat menyesal, semua sudah terlanjur, sehingga akhirnya keluarlah keluhannya, “Apapun kemarahan yang paduka ungkapkan, tetap akan hamba jadikan jimat utama, hamba junjung dan hamba ikat diatas rambut kepala, saya letakkan diubun-ubun, semoga bisa menambahi cahaya nurbuat yang bening sehingga membuat keselamatan bagi hamba dan semua putra dan cucu paduka. Karena hamba sudah menyadari kesalahan ini, apalagi yang hendak hamba minta, kecuali hanya kerelaan paduka untuk memberikan maaf. Lantas kalau boleh hamba bertanya, selanjutnya paduka hendak pergi kemanakah?”

Sang Prabhu Brawijaya menjawab, “Sekarang aku memutuskan hendak ke pulau Bali, menemui adikku Prabhu Dewa Agung di Klungkung. Aku hendak memberitahu segala tindakan Patah, menganiaya orang tuanya sendiri yang tanpa dosa. Aku hendak meminta adikku Prabhu Dewa Agung untuk menghubungi seluruh Raja bawahan Majapahit diluar pulau Jawa, agar mempersiapkan diri dengan persenjataan perang lengkap! Serta aku hendak meminta tolong kepada adikku Prabhu Dewa Agung agar Adipati Palembang diberitahu, jikalau kedua anaknya sesampainya di Jawa sudah aku angkat sebagai Bupati, akan tetapi tidak tahu jalan yang benar, dan berani melawan ayah dan Raja-nya sendiri, aku hendak meminta kerelaan Adipati Palembang untuk merelakan anaknya (Raden Kusen/Kin Shan ~ Adipati Terung Pecattandha) aku bunuh. Bahkan melalui adikku Prabhu Dewa Agung aku hendak meminta tolong menghubungi Hong Te di China, untuk mengabarkan bahwasanya putrinya yang menjadi istriku telah melahirkan seorang cucu baginya (Raden Patah ~ Adipati Demak), tapi tidak tahu jalan yang benar, berani melawan ayah dan Raja-nya, aku juga hendak meminta kerelaan Hong Te untuk merelakan cucunya aku bunuh. Tidak hanya itu, aku juga akan mengutus Prabhu Dewa Agung untuk menghubungi Keraton China, meminta bantuan prajurid dengan persenjataan lengkap dan segera datang ke Bali bersiap menggempur Jawa! Pasti Raja China masih memperhatikan nama besarku, pasti Raja China tidak tega melihat Raja yang sudah bungkuk terlunta-lunta seperti aku. Nama besarku pasti akan membuat prajurid China bakal dikirimkan ke Bali. Akan aku kerahkan semua pasukan tadi menyerang tanah Jawa, merebut tahtaku kembali. Sekarang, jika memang harus terjadi perang besar antara ayah melawan anak, aku sudah tidak peduli lagi! Sebab diriku selama ini tidak pernah memulai membuat kesalahan, diriku selama ini tidak pernah meninggalkan tata cara seorang Raja bijak!”

Puri Damar Shashangka
Share this article :

Posting Komentar

 
Support : Editing Website | Bms_75
Copyright © 2014. Bms_75
Template Editing and Published by Bms_75
Proudly powered by Blogger