.
>>>>> SEMOGA SEMUA MAKHLUK HIDUP BERBAHAGIA <<<<<


SERAT DARMAGANDHUL_12

Carita adêge Nagara Islam ing Dêmak bêdhahe Nagara Majapahit kang salugune wiwite wong Jawa ninggal agama Buda banjur salin agama Islam.

(Cerita berdirinya Negara Islam di Demak, hancurnya Negara Majapahit, dimana saat itulah awal mula masyarakat Jawa meninggalkan agama Buda [Shiwa Buda] dan berganti memeluk agama Islam.)

Gancaran basa Jawa ngoko.
(Prosa dalam bahasa Jawa kasar)

Babon asli tinggalane K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.
(Diambil dari catatan induk asli peninggalan K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.)

Barêng wis wayah surup srêngenge, têkan ing Bêsuki, Sang Prabu uga nyare ana ing kono, esuke banyu ing bumbung diganda mundhak wangine, Sang Prabu banjur nêrusake tindake nganti wayah surup srêngenge, têkan ing Prabalingga, ana ing kono uga nyare sawêngi, esuke banyune ditiliki, banyune tawa isih enak, nanging munthuk, unthuke gandane arum, nanging mung kari sathithik, amarga kêrêp diunjuk ana ing dalan, dene banyune sêndhang barêng ditiliki gandane dadi bangêr, tumuli dibuwang. Sang Prabu banjur ngandika marang Sunan Kalijaga: “Prabalingga ing besuk jênênge loro, Prabalingga karo Bangêrwarih 12 ing kene besuk dadi panggonan kanggo pakumpulane wong-wong kang padha ngudi kawruh kapintêran lan kabatinan, Prabalingga têgêse prabawane wong Jawa kalingan prabawane tangga”. Sang Prabu mbanjurake tindake, ing pitung dinane, wis têkan ing Ampelgadhing. Nyai Agêng Ampelgadhing tumuli mêthukake banjur ngabêkti marang Sang Prabu karo muwun, sarta akeh-akeh sêsambate.

Sang Prabu banjur ngandika: “Wis aja nangis êngger, mupusa yen kabeh mau wis dadi karsane Kang Maha Kuwasa, kudu mangkene. Aku lan kowe mung sadarma nglakoni, kabeh lêlakon wis ditulis aneng Lokhilmakpul. Bêgja cilaka ora kêna disinggahi, nanging wajibe wong urip kudu kêpengin mênyang ilmu”.

Nyai Agêng Ampel banjur matur marang Sang Prabu, ngaturake patrape ingkang wayah Prabu Jimbun, kaya kang wis kasêbut ing ngarêp. Sang Prabu banjur dhawuh nimbali Prabu Jimbun. Nyai Ampel nuli utusan mênyang Dêmak nggawa layang, satêkane ing Dêmak, layang wis katur marang Sang Prabu Jimbun, ora antara suwe Prabu Jimbun budhal sowan mênyang Ampel.

Kacarita putra Nata ing Majapahit, kang aran Raden Bondhan Kajawan ing Tarub, mirêng pawarta yen nagara Majapahit dibêdhah Adipati Dêmak, malah Sang Prabu lolos saka jroning pura, ora karuhan mênyang ngêndi tindake, rumasa ora kapenak panggalihe, banjur tindak marang Majapahit, tindake Raden Bondhan Kajawan namur kula, nungsung warta ing ngêndi dununge ingkang rama, satêkane Surabaya, mirêng warta yen ingkang rama Sang Prabu têdhak ing Ampel, nanging banjur gêrah, Raden Bondhan Kajawan nuli sowan ngabêkti.

Sang Prabu ndangu: “Sing ngabêkti iki sapa?”

Raden Bondhan Kajawan matur yen panjênêngane kang ngabêkti.

Sang Prabu banjur ngrangkul ingkang putra, gêrahe Sang Prabu sangsaya mbatêk, ngrumaosi yen wis arêp kondur marang jaman kalanggêngan, pangandikane marang Sunan Kalijaga mangkene: “Sahid, nyêdhaka mrene, aku wis arêp mulih marang jaman kalanggêngan, kowe gaweya layang mênyang Pêngging lan Pranaraga, mêngko tak-wenehane tandha asta, wis padha narima rusake Majalêngka, aja padha ngrêbut kapraboningsun, kabeh mau wis karsane Kang Maha Suci, aja padha pêrang, mundhak gawe rudahing jagad, balik padha ngemana rusaking wadya-bala, sebaa marang Dêmak, sapungkurku sing padha rukun, sapa sing miwiti ala, tak-suwun marang Kang Maha Kuwasa, yudane apêsa.”

Sunan Kalijaga banjur nyêrat, sawise rampung banjur ditapak-astani dening sang Prabu, sabanjure diparingake marang Pêngging lan Pranaraga.

Sang Prabu banjur ngandika: “Sahid, sapungkurku kowe sing bisa momong marang anak putuku, aku titip bocah iki, saturun-turune êmongên, manawa ana bêgjane, besuk bocah iki kang bisa nurunake lajêre tanah Jawa, lan maneh wêkasku marang kowe, yen aku wis kondur marang jaman kalanggêngan, sarekna ing Majapahit sa-lor-wetane sagaran, dene pasareyaningsun bakal sun-paringi jênêng Sastrawulan, lan suwurna kang sumare ana ing kono yayi Raja Putri Cêmpa, lan maneh wêlingku, besuk anak-putuku aja nganti entuk liya bangsa, aja gawe senapati pêrang wong kang seje bangsa.”

Sunan Kalijaga sawise dipangandikani banjur matur: “Punapa Sang Prabu botên paring idi dhatêng ingkang putra Prabu Jimbun jumênêngipun Nata wontên ing tanah Jawi?”

Sang Prabu ngandika: “Sun-paringi idi, nanging mung mandhêg têlung turunan.”

Sunan kalijaga nyuwun sumurup mungguh têgêse araning bakal pasareyane Sang Prabu.

Sang Prabu ngandika: “Sastra têgêse tulis, Wulan têgêse damaring jagad, tulise kuburku mung kaya gêbyaring wulan, yen isih ana gêbyaring wulan, ing têmbe buri, wong Jawa padha wêruh yen sedaku wis ngrasuk agama Islam, mula tak-suwurake Putri Cêmpa, amarga aku wis diwadonake si Patah, sarta wis ora dianggêp priya, nganti kaya mangkene siya-siyane marang aku, mulane ênggonku mangêni madêge Ratu mung têlung turunan, amarga si Patah iku wiji têlu, Jawa, Cina lan raksasa, mula kolu marang bapa sarta rusuh tindake, mula wêkasku, anak-putuku aja entuk seje bangsa, amarga sajroning sihsinihan di seje bangsa mau nganggo ngobahake agamane, bisaa ngapêsake urip, mula aku paring piwêling aja gawe senapati pêrang wong kang seje jinis, mundhak ngenthengake Gustine, ing sajroning mangun yuda, banjur mangro tingal, wis Sahid, kabeh pitungkasku, tulisên.”

Sang Prabu sawise paring pangandika mangkono, astane banjur sidhakêp, têrus seda, layone banjur disarekake ana ing astana Sastrawulan ing Majapahit, katêlah nganti saprene kocape kang sumare ana ing kono iku Sang Putri Cêmpa, dene mungguh satêmêne Putri Cêmpa iku sedane ana ing Tuban, dununing pasareyan ana ing Karang Kumuning.

Barêng wis têlung dina saka sedane Sang Prabu Brawijaya, kacarita Sultan Bintara lagi rawuh ing Ampelgadhing sarta kapanggih Nyai Agêng.

Nyai Agêng ngandika: “Wis bêgjane Prabu Jimbun ora nungkuli sedane ingkang rama, dadi ora bisa ngabêkti sarta nyuwun idi ênggone jumênêng Nata, sarta nyuwun pangapura kabeh kaluputane kang wis kêlakon”.

Prabu Jimbun ature marang Nyai Agêng, iya mung mupus pêpêsthen, barang wis kêbacut iya mung kudu dilakoni.

Sultan Dêmak ana ing Ampel têlung dina lagi kondur.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia

Saat sore menjelang, sampailah di daerah Besuki. Sang Prabhu beserta rombongan bermalam disana. Keesokan paginya, bumbungan air dibuka lantas dicium, baunya malah semakin bertambah wangi. Sang Prabhu melanjutkan perjalanan hingga matahari hampir tenggelam diufuk barat dan sampai didaerah Prabalingga (Probolinggo). Disana Sang Prabhu beserta rombongan bermalam, keesokan paginya air diperiksa kembali. Air tawar dalam bumbungan yang satu masih terasa segar untuk diminum, namun nampak berbusa. Dan busanya-pun berbau harum. Air tawar dalam bumbungan tersebut hanya tinggal sedikit, karena kerap kali diminum disepanjang perjalanan. Akan tetapi bumbungan yang berisi air danau, manakala diperiksa airnya berubah berbau tidak enak sama sekali. Mendapati perubahan itu, air danau dalam bumbungan seketika langsung dibuang. Sang Prabhu lantas berkata kepasa Sunan Kalijaga : “Didaerah Prabalingga (Probolinggo) ini kelak akan dikenal dengan dua nama, yaitu Prabalingga (Probolinggo) dan Bangerwarih. Tempat ini kelak akan menjadi tempat berkumpulnya manusia-manusia yang suka mencari ilmu kepintaran dan ilmu kebatinan. Kata Prabalingga bisa diartikan pula ‘PRABA-wane wong Jawa ka-LING-an prabawane tang-GA’ (Kharisma manusia-manusia Jawa terhalang oleh kharisma yang berasal dari tetangga diseberang).” Sang Prabhu beserta rombongan lantas melanjutkan perjalanannya. Tujuh hari kemudian telah sampai di Ampelgadhing (Ampeldhenta ~ Surabaya). Nyai Ageng Ampelgadhing segera menyambut kedatangan Sang Prabhu. Nyai Ampelgadhing lantas memberikan sembah bakti sembari meratapi segala hal yang telah terjadi.

Sang Prabhu lantas berkata : “Sudahlah jangan menangis, ngger (anakku), anggaplah semua ini adalah kehendak Yang Maha Kuasa. Diriku dan kamu hanya sekedar menjalani, semua hal yang telah terjadi sudah tertulis didalam Lokhilmakpul (Laukhil Makhfudz) sebelumnya. Keberuntungan dan celaka sungguh tidak bisa dihindari. Sudah kewajiban manusia untuk melakukan usaha.”

Nyi Ageng Ampel lantas menuturkan kepada Sang Prabhu tentang kelakuan Prabhu Jimbun seperti yang sudah diterangkan didepan. Sang Prabhu lantas memerintahkan agar memanggil Prabhu Jimbun. Nyi Ampel lantas mengirimkan utusan ke Demak sembari membawa surat undangan. Sesampainya di Demak, surat segera dihaturkan kepada Sang Prabhu Jimbun. Tidak menunggu waktu lama Prabhu Jimbun segera berangkat menghadap ke Ampel.

Tersebutlah putra Raja Majapahit, yang bernama Raden Bondhan Kajawan yang tinggal di Tarub. Dia mendengar kabar jikalau Majapahit telah dijebol oleh Adipati Demak. Sang Prabhu konon berhasil lolos dari dalam istanadan tidak diketahui lagi kemana perginya. (Raden Bondhan Kajawan) merasa tidak tenang hatinya, lantas berangkat ke Majapahit. Disepanjang perjalanan, Raden Bondhan Kajawan senantiasa bertanya dan mencari-cari kabar dimanakah kira-kira Prabhu Brawijaya sekarang berada. Sesampainya di Surabaya, mendapat berita bahwasanya ayahanda Prabhu tengah berada di Ampel, akan tetapi jatuh sakit. Raden Bondhan Kajawan lantas menghadap dan memberikan sembah baktinya.

Sang Prabhu bertanya : “Yang memberikan sembah ini siapa?”

Raden Bondhan Kajawan menjawab bahwasanya dirinyalah yang tengah menghadap.

Sang Prabhu lantas merangkul putranya. Sakit Sang Prabhu semakin parah, merasa kalau dirinya sudah dekat hendak berpulang ke jaman keabadian, Sang Prabhu berpesan kepada Sunan Kalijaga : “Sahid, mendekatlah kemari. Diriku sudah merasa hendak berpulang ke jaman keabadian. Tulislah surat untuk dikirimkan ke Penging dan Pranaraga (Ponorogo). Nanti akan aku bubuhkan tanda tangan disana. Tulislah bahwasanya agar mereka menerima kehancuran Majapahit, jangan saling berebut tahta, semua ini sudah menjadi kehendak Yang Maha Suci. Jangan saling memerangi, hanya akan membuat kerusakan semata. Sayangkanlah kerusakan dan kerugian yang akan diderita oleh para pengikut. Menghadaplah ke Demak. Sepeninggalku, agar supaya rukun dengan saudara. Siapa saja yang memulai membuat kejahatan, aku benar-benar memohon kepada Yang Maha Kuasa, agar kalah perangnya!”

Sunan Kalijaga lantas menulis surat seperti yang diperintahkan, setelah surat selesai ditulis, kemudian diberi tanda tangan oleh Sang Prabhu. Surat dikirimkan ke Pengging dan Pranaraga (Ponorogo).

Sang Prabhu lantas berkata : “Sahid, sepeninggalku dirimu harus bisa momong anak cucuku. Terutama aku titipkan anak ini. Momonglah hingga seluruh keturunannya. Jika memang nanti ada keberuntungan bagi dirinya, kelak anak inilah yang akan menurunkan ‘LAJERE TANAH JAWA’ (Tokoh-tokoh kuat di Tanah Jawa sesudah Majapahit). Dan lagi pesanku kepada kamu, jikalau nanti aku sudah berpulang ke jaman keabadian, makamkan aku di Majapahit, buatkanlah aku makam di sebelah utara timur kolam segaran. Namailah makamku Sastrawulan. Dan sebarkanlah berita bahwasanya yang dimakamkan disitu adalah istriku Putri Champa. Pesanku lagi, bagi keturunanku kelak jangan sampai menikahi orang berbeda bangsa, dan juga jangan mempercayakan jabatan senopati kepada lain bangsa.”

Sunan Kalijaga setelah mendapatkan pesan semacam itu lantas bertanya : “Apakah Sang Prabhu tidak memberikan restu kepada putra paduka Prabhu Jimbun untuk bertahta sebagai Raja ditanah Jawa ini?”

Sang Prabhu menjawab : “Aku memberikan restu, akan tetapi restuku hanya berhenti sampai pada keturunannya yang ketiga!”

Sunan Kalijaga meminta penjelasan mengapakah makam sang Prabhu kelak harus diberinama Sastrawulan.

Sang Prabhu menjawab : “Sastra maksudnya adalah Tulisan, Wulan artinya pelita dunia, ini melambangkan keutamaanku hanya seperti cahaya bulan (tidak stabil seperti matahari). Jikalau masih ada cahaya bulan, kelak, biar semua orang Jawa tahu bahwa saat aku meningal dunia, diriku telah memeluk agama Islam. Dan aku meminta padamu agar kelak dikabarkan bahwa yang dimakamkan disana adalah Putri Champa, bukan diriku, sebab diriku telah dianggap bagaikan seorang wanita (disepelekan) oleh si Patah, tidak lagi dianggap sebagai seorang lelaki, hingga sedemikian teganya Patah menyia-nyiakan ayahandanya sendiri. Diriku hanya memberikan restu kepada Raja Demak hanya sampai keturunan ketiga, sebab Patah berasal dari tiga benih, yaitu Jawa (Sang Prabhu Brawijaya), China (ibu Raden Patah Eng Kian) dan Raksasa (Adipati Arya Damar ~ Adipati Arya Damar adalah keturunan Ni Endang Sasmitapura, penganut ajaran Tantra Bhairawa yang dalam ritualnya menyertakan memakan daging mayat dan meminum darah manusia, sehingga disebut Raksasa : Damar Shashangka), oleh karenanya tega kepada ayahnya sendiri serta kotor tingkah lakunya. Pesanku, jangan sampai keturunanku mendapatkan jodoh lain bangsa, sebab dengan menikahi bangsa lain, disetiap kesempatan pastinya sedikit demi sedikit akan memberikan pengaruh dan menggoyahkan keyakinan yang sudah dipegangnya, hal ini akan menciptakan kesengsaraan hidup. Dan pesanku yang terakhir agar jangan sampai mempercayakan jabatan senopati kepada lain bangsa, sebab pastinya kurang kesetiaannya kepada Raja. Dikala tengah menghadapi pertempuran, pasti akan terbagi kesetiaannya. Sudahlah Sahid, semua pesanku tulislah!”

Selesai memberikan wasiat, Sang Prabhu segera bersendekap, dan meninggal dunia. Jenasahnya lantas dimakamkan di Astana Sastrawulan, Majapahit. Hingga hari ini, terkenal bahwasanya yang dimakamkan disana adalah Putri Champa, padahal sesungguhnya Putri Champa wafat di Tuban, makamnya berada di Karang Kumuning.

Tiga hari kemudian, Sang Sultan Bintara baru hadir ke Ampelgadhing serta bertemu dengan Nyai Ageng.

Nyai Ageng berkata :”Sudah menjadi nasibmu Prabhu Jimbun, dirimu tidak bisa melihat detik-detik terakhir ayahandamu meninggal sehingga tidak sempat memberikan sembah bakti serta meminta restu untuk bertahta sebagai Raja. Dirimu juga tidak sempat memohon maaf atas segala kesalahan yang telah kamu lakukan.”

Prabhu Jimbun mengatakan kepada Nyai Ageng, dirinya sudah pasrah kepada nasib, semua sudah terjadi dan semua harus dijalani.

Sultan Demak berada di Ampel selama tiga hari lantas pulang.

Damar Shashangka
Share this article :

Posting Komentar

 
Support : Editing Website | Bms_75
Copyright © 2014. Bms_75
Template Editing and Published by Bms_75
Proudly powered by Blogger