.
>>>>> SEMOGA SEMUA MAKHLUK HIDUP BERBAHAGIA <<<<<


SERAT DHARMAGANDHUL_06

Sêrat Darmagandhul 06

Carita adêge Nagara Islam ing Dêmak bêdhahe Nagara Majapahit kang salugune wiwite wong Jawa ninggal agama Buda banjur salin agama Islam.

(Cerita berdirinya Negara Islam di Demak, hancurnya Negara Majapahit, dimana saat itulah awal mula masyarakat Jawa meninggalkan agama Buda [Shiwa Buda] danberganti memeluk agama Islam.)

Gancaran basa Jawa ngoko.
(Prosa dalam bahasa Jawa kasar)

Babon asli tinggalane K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.
(Diambil dari catatan induk asli peninggalan K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.)

Sang Prabu banjur ngandika marang patih, bab anane lêlakon kaya mangkono iku amarga saka lêpate sang nata piyambak, dene nggêgampang marang agama kang wis kanggoturun-tumurun, sarta ênggone kêgiwang marang ature Putri Cêmpa, ngideni para ngulama mêncarake agama Islam. Sang Nata saka putêking panggalihe ngantikawêdhar pangandikane ngêsotake marang wong Islam: "Sun-suwun marang Dewa Gung,muga winalêsna susah-ingsun, wong Islam iku besuk kuwalika agamanira, manjalma dadi wong kucir, dene tan wruh kabêcikan, sun-bêciki walêse angalani"."Sabdaning Ratu Agung sajroning kasusahan, katarima dening Bathara, sinêksen ing jagad, katandhan ana swara jumêgur gêtêr patêr sabuwana, iya iku kawitane manuk kuntul ana kang kucir. Sunan, ngulama kabeh ngrangkêp jênêng walikan,katêlah tumêka saprene, ngulama jênênge walian, kuntul kucir githoke.

Sang Prabu banjur mundhut pamrayoga marang Patih, prakara têkane mungsuh, santri kang ngrêbut nagara, iku dilawan apa ora? Sang Nata rumaos gêtun lan ngungun, dene Adipati Dêmak kapengin mêngkoni Majapahit bae kok dirêbut sarana pêrang, saupama disuwun kalayan aris bae mêsthi diparingake, amarga Sang Nata wis sêpuh.

Ature Patih prayoga nglawan têkaning mungsuh. Sang Prabu ngandika, yen nganti nglawan rumaos lingsêm bangêt, dene mungsuh karo putra, mula dhawuhe Sang Prabu, yen mapag pêrang kang sawatara bae, aja nganti ngrusakake bala. Patih didhawuh inimbali Adipati Pêngging sarta Adipati Pranaraga, amarga putra kang ana ing Majapahit durung wanci yen mapagake pêrang, sawise paring pangandika mangkono.Sang Prabu banjur lolos arsa têdhak marang Bali, kadherekake abdi kêkasih,Sabdapalon lan Nayagenggong. Sajrone Sang Prabu paring pangandika, wadya-bala Dêmak wis pacak baris ngêpung nagara, mula kasêsa tindake.

Wadya Dêmak banjur campuh karo wadya Majapahit, para Sunan banjur ngawaki pêrang, Patih Majapahit ngamuk ana samadyaning papêrangan. Para Bupati Nayaka wolu ugabanjur melu ngamuk. Pêrange rame bangêt, bala Dêmak têlung lêksa, bala Majapahit mung têlung ewu, sarehne Majapahit karoban mungsuh, prajurite akehkang padha mati, mung Patih sarta Bupati Nayaka pangamuke saya nêsêg. Bala Dêmak kang katrajang mêsthi mati. Putrane Sang Prabu aran Raden Lêmbupangarsa ngamuk ana satêngahing papêrangan, tandhing karo Sunan Kudus, lagi rame-ramene têtandhingan pêrang, Patih Mangkurat ing Dêmak nglambung, Putra Nata tiwas, saya bangêt nêpsune, pangamuke kaya bantheng kataton, ora ana kang diwêdeni, Patih ora pasah sakehing gêgaman, kaya dene tugu waja, ora ana braja kang tumama marang sarirane, ing ngêndi kang katrajang bubar ngisis, kang tadhah mati nggêlasah, bangkening wong tumpang tindhih, Patih binendrongan sakakadohan, tibaning mimis kaya udan tiba ing watu. Sunan Ngudhung mapagake banjur mrajaya, nanging ora pasah, Sunan Ngudhung disuduk kêna, barêng Sunan Ngudhung tiwas, Patih dibyuki wadya ing Dêmak, dene wadya Majapahit wis êntek, sapira kuwate wong siji, wêkasan Patih ing Majapahit ngêmasi, nanging kuwandane sirna,tinggal swara: "Eling-eling wong Islam, dibêciki gustiku walêse ngalani, kolu ngrusak nagara Majapahit, ngrêbut nagara gawe pêpati, besuk tak-walês, tak-ajar wêruh nalar bênêr luput, tak-damoni sirahmu, rambutmu tak-cukur rêsik".

Sapatine Patih, para Sunan banjur mlêbu mênyang kadhaton. nanging sang Prabu wis ora ana, kang ana mung Ratu Mas, iya iku Putri Cêmpa, sang Putri diaturi sumingkir mênyang Benang uga karsa.

Para prajurit Dêmak banjur padha mlêbu mênyang kadhaton, ana ing kono pada njarah rayah nganti rêsik, wong kampung ora ana kang wani nglawan. Raden Gugur isih timur lolos piyambak. Adipati Têrung banjur mlêbu mênyang jêro pura, ngobong buku-buku bêtuwah Buda padha diobongi kabeh, wadya sajroning pura padha bubar, beteng ing Bangsal wis dijaga wong Têrung. Wong Majapahit kang ora gêlêm têluk banjur ngungsi mênyang gunung lan alas-alas, dene kang padha gêlêm têluk,banjur dikumpulake karo wong Islam, padha dikon nyêbut asmaning Allah. Layone para putra santana lan nayaka padha kinumpulake, pinêtak ana sakidul-wetanpura. Kuburan mau banjur dijênêngake Bratalaya, jarene iku kubure Raden Lêmbupangarsa.

Barêng wis têlung dina, Sultan Dêmak budhal mênyang Ngampel, dene kang dipatah tunggu ana ing Majapahit, iya iku Patih Mangkurat sarta Adipati Têrung, njaga kaslamêtan mbokmanawa isih ana pakewuh ing wuri, Sunan Kudus njaga ana ing kraton dadi sulihe Sang Prabu, Têrung uga dijaga ngulama têlung atus, sabên bêngi padha salat kajat sarta andêrês Kur'an, wadya-bala kang saparo lan para Sunan padha ndherek Sang Prabu mênyang Ngampelgadhing.

Sunan Ngampel wis seda, mung kari garwane kang isih ana ing Ngampel, garwane mau asli saking Tuban, putrane Arya Teja, sasedane Sunan Ngampel, Nyai Agêng kanggo têtuwa wong Ngampel. Sang Prabu Jimbuningrat satêkane ing Ngampel, banjur ngabekti Nyai Agung, para Sunan sarta para Bupati gênti-gênti padha ngaturake sêmbah mênyang Nyai Agêng. Prabu Jimbuningrat matur yen mêntas mbêdhah Majapahit,ngaturake lolose ingkang rama sarta Raden Gugur, ngaturake patine Patih ing Majapahit lan matur yen panjênêngane wis madêg Nata mêngku tanah Jawa, dene jêjuluke: Senapati Jimbun, sarta Panêmbahan Palembang, ênggone sowan mênyang Ngampel iku, prêlu nyuwun idi, têtêpa jumênêng Nata nganti run-tumurun aja anakang nyêlani.

Nyai Agêng Ngampel sawise mirêng ature Prabu Jimbun, banjur muwun sarta ngrangkul SangPrabu, Nyai Agêng ing batos karaos-raos, mangkene pangudaraosing panggalih:"Putuku, kowe dosa têlung prakara, mungsuh Ratu tur sudarmane, sarta kang aweh kamukten ing dunya, têka dirusak kang tanpa prakara, yen ngelingi kasaeane uwa Prabu Brawijaya, para ngulama padha diparingi panggonan kang wis anggawa pamêtu minangka dadi pangane, sarta padha diuja sakarêpe, wong pancene rak sêmbah nuwun bangêt, wusana banjur diwalês ala, seda utawa sugênge ora ana kang wêruh".

Nyai Agêng banjur ndangu Sang Prabu, pangandikane: "Êngger! aku arêp takon mênyang kowe,kandhaa satêmêne, bapakmu tênan kuwi sapa? Sapa kang ngangkat kowe dadi Ratu tanah Jawa lan sapa kang ngideni kowe? Apa sababe dene kowe sikara kang tanpa dosa?"

Sang Prabu banjur matur, yen Prabu Brawijaya iku jarene ramane têmênan. Kang ngangkat sarirane dadi Ratu mêngku tanah Jawa iku para Bupati pasisir kabeh. Kang ngideni para Sunan. Mulane nagara Majapahit dirusak, amarga Sang Prabu Brawijaya ora karsa salin agama Islam, isih ngagêm agama kapir kupur, Budakawak dhawuk kaya kuwuk.

Nyai Agêng barêng mirêng ature Prabu Jimbun, banjur njêrit ngrangkul Sang Prabu karo ngandika: "Êngger! kowe wêruha, kowe iku dosa têlung prakara, mêsthi kêsiku ing Gusti Allah. Kowe wani mungsuh Ratu tur wong tuwamu dhewe, sarta sing aweh nugraha marang kowe, dene kowe kok wani ngrusak kang tanpa dosa. Anane Islam lan kapir sapa kang gawe, kajaba mung siji Gusti Allah piyambak. Wong ganti agama iku ora kêna dipêksa yen durung mêtu saka karêpe dhewe. Wong kang nyungkêmi agamane nganti mati isih nggoceki tekade iku utama. Yen Gusti Allah wis marêngake, ora susah ngango dikon, wis mêsthi salin dhewe ngrasuk agama Islam. Gusti Allah kang sipat rahman, ora dhawuh lan ora malangi marang wong kang salin agama. Kabeh iki sasênênge dhewe-dhewe. Gusti Allah ora niksa wong kapir kang ora luput, sarta ora paring ganjaran marang wong Islam kang tumindak ora bênêr, mung bênêr karo lupute sing diadili nganggo têtêping adil, lalar-lulurên asalmu, ibumu Putri Cina nyêmbah pikkong, wujud dluwang utawa rêca watu. Kowe ora kêna sêngit mênyang wong kang agama Buda, tandha mripatmu iku lapisan, mula blero pandêlêngmu, ora ngrêti marang kang bênêr lan kang luput, jarene anake Sang Prabu, têka kolu marang bapa, kêduga ngrusak ora nganggo prakara, beda matane wong Jawa, Jawa Jawi ngrêti matane mung siji, dadi wêruh ing bênêr lan luput, wêruh kang bêcik lan kang ala, mêsthi wêdi mênyang bapa, kapindhone Ratu lan kang aweh nugraha, iku wajib dibêkteni. Eklasing ati bêkti bapa, ora bêkti wong kapir, amarga wis wajibe manusa bêkti marang wong tuwane. Kowe tak-dongengi, wong Agung Kuparman, iku agamane Islam, duwe maratuwa kapir,maratuwane gêthing marang wong Agung amarga seje agama, maratuwane tansah golek sraya bisane mantune mati, ewadene Wong Agung tansah wêdi- asih lang ngaji-aji,amarga iku wong tuwane, dadi ora dielingi kapire, nanging kang dielingi wongtuwane, mula Wong Agung iya ngaji-aji marang maratuwane. Iya iku êngger, kang diarani wong linuwih, ora kaya tekadmu, bapa disiya-siya, dupeh kapir Buda ora gêlêm ganti agama, iku dudu padon. Lan aku arêp takon, apa kowe wis matur marang wong tuwamu, kok-aturi salin agama? nagarane kok nganti kok-rusak ikukapriye?"

Prabu Jimbun matur, yen durung ngaturi salin agama, têkane Majapahit banjur ngêpung nagarabae.

Nyai Agêng Ngampel gumujêng karo ngandika: "Tindakmu iku saya luput bangêt, sanadyan para Nabi dhek jaman kuna, ênggone padha wani mungsuh wong tuwane, iku amarga sabên dinane wis ngaturi santun agama, nanging ora karsa, mangka sabên dinane wis diaturi mujijade, kang nandhakake yen kudu wis santun agama Islam, ananging atur mau ora dipanggalih, isih nglêstarekake agamane lawas, mula iya banjur dimungsuh. Lamun mangkono tumindake, sanadyan mungsuh wong tuwa, lair batine ora luput. Barêng wong kang kaya kowe, mujijadmu apa? Yen nyata Khalifatu'llah wênang nyalini agama lah coba wêtokna mujijadmu tak-tontone".

Prabu Jimbun matur yen ora kagungan mujijad apa-apa, mung manut unine buku, jare yen ngislamake wong kapir iku ing besuk oleh ganjaran swarga.

Nyai Agêng Ngampel gumujêng nanging wêwah dukane, "Ujar-jare bae kok disungkêmi, tur dudu bukuning lêluhur, wong ngumbara kok diturut rêmbuge, sing nglakoni rusak ya kowe dhewe, iku tandha yen isih mêntah kawruhmu, durung-durung wani marang wong tuwa, saka kêpenginmu jumênêng Nata, kasusuhane ora dipikir. Kowe kuwi dudu santri ahli budi, mung ngêndêlake ikêt putih, nanging putihe kuntul, sing putih munging jaba, ing jêro abang, nalika eyangmu isih sugêng, kowe tau matur yen arêp ngrusak Majapahit, eyangmu ora parêng, malah manti-manti aja nganti mungsuh wong tuwa, saiki eyangmu wis seda, wêwalêre kok-trajang, kowe ora wêdi papacuhe. Yen kowe njaluk idi marang aku, prakara têtêpmu dadi Ratu tanah Jawa,aku ora wênang ngideni, aku bangsa cilik tur wong wadon, mêngko rak buwana balik arane, awit kowe sing mêsthine paring idi marang aku, amarga kowe Khalifatu'llah sajroning tanah Jawa, mung kowe dhewe sing tuwa, saucapmu idugêni, yen aku tuwa tiwas, yen kowe têtêp tuwa Ratu".

Terjemahan dalam bahasa Indonesia

Sang Prabhu lantas berkata kepada sang Patih, segala kejadian yang telah terlanjur ini sebenarnya juga akibat kesalahan sang Raja sendiri, meremehkan agama yang sudah dipeluk secara turun temurun oleh orang Jawa, serta terpikat oleh kata-kata Putri Champa, memberikan ijin kepada para ulama untuk menyebarkan agama Islam secara mudah di Majapahit. Begitu gelap batin Sang Raja sehingga keluarlah ucapan kutuk dari bibir beliau : Aku memohon kepada Dewa Yang Maha Agung (Dewa segala dewa/Tuhan), semoga terbalaskan kesedihan yang aku alamiini, semoga orang Islam Jawa kelak terbalik dalam menjalankan agamanya, berubah menjadi orang berkuncir, karena tak mengerti kebaikan, aku beri kebaikan balasannya malah keburukan!" (orang berkucir maksudnya : manusia yang gampang mendua, gampang terpengaruh duniawi, meremehkan spiritualitas, spiritualitas hanya dipakai kedok belaka. Spiritualitas diperdagangkan, ditukar dengan materi. Berkucir adalah rambut yang dikepang kekiri dan kekanan. Orang Islam Jawa kelak disisi lain bisa kelihatan alim tapi disisi lain sangat materialistik. Seorang haji diam-diam merangkap rentenir, seorang kyai bisa berkorupsi, tak ada rasa bersalah dan risih, semua dianggap wajar dan bisa ditebus dengan tobat jika sudah puas dengan materi kelak). Sabda Raja Besar yang tengah bersusah hati, diterima oleh Bathara (Tuhan), disaksikan oleh jagad semesta, dengan tanda tiba-tiba terdengar suara bergemuruh diangkasa bagaikan suara guntur. Semenjak itulah di Jawa mulai muncul beberapa jenis burung bangau yang berkuncir bulu kepalanya. Para ulama dan Sunan semua mempunyai nama rangkap bertolak belakang (maksudnya disatu sisi dia tampil sebagai sosok penuntun, disisi lain diam-diam menimbun kekayaan dari spiritualitas yang diajarkan. Nama rangkap bertolak belakang, disisi lain alim disisi lain masih terjerat kenikmatan duniawi), hingga sekarang banyak contoh para ulama yang demikian itu (nama rangkap bertolak belakang dan berkucir rambutnya).

Sang Prabhu meminta pendapat Sang Patih, mengenai datangnya musuh, yaitu para santriyang hendak merebut kekuasaan, baiknya dilawan atau tidak? Sang Raja merasakecewa dan heran bercampur satu, kecewa dan heran mengapa hanya karena ingin memegang kekuasaan Majapahit, Adipati Demak memilih jalan pertumpahan darah? Seandainya diminta dengan baik-baik, pasti juga akan diberikan karena Sang Rajasudah sepuh.

Sang Patih menyarankan agar melawan musuh yang datang. Sang Prabhu ragu karena merasa sangat malu jika terdengar kabar beliau berperang memperebutkan tahta dengan putra sendiri, oleh karenanya Sang Prabhu memerintahkan agar menghadang musuh tapi hindari pertumpahan darah yang besar. Lantas Sang Prabhu memerintahkanjuga agar memangil Adipati Pengging (Adipati Handayaningrat) dan Adipati Pranaraga (Ponorogo ~ Adipati Bathara Katong) untuk memimpin pasukan, sebab Raden Gugur belum saatnya untuk maju berperang. Selesai memberikan perintah Sang Prabhu berkehendak meloloskan diri dari keraton menuju Bali, diiringkan oleh Sabdo Palon dan Naya Genggong. Saat Sang Prabhu tengah memberikan perintah, pasukan Demak sudah tiba dan mengepung kota. Kepergian Sang Prabhu sangat tergesa-gesa sekali.

Pasukan Demak lantas bertempur dengan pasukan Majapahit, para Sunan sendiri yang memimpin peperangan. Patih Majapahit mengamuk hebat dimedan tempur. Begitu juga delapan orang pejabat Nayaka Bupati ikut terjun ke peperangan. Peperangan berjalan sengit, pasukan Demak berjumlah tiga juta prajurid sedangkan pasukan Majapahit yang ada di ibu kota hanya terkumpul tiga ribu prajurid. Majapahit telah diserang musuh secara besar-besaran, banyak prajurid yang gugur, Patih dan para pejabat Nayaka Bupati terus bertempur tanpa kenal mundur. Prajurid Demak yang terkena amukan mereka pasti tewas. Putra selir sang Prabhu yang bernama Lembu Pangarsa juga mengamuk dimedan laga, berhadapan dengan Sunan Kudus. Ditengah pertempuran, Patih Demak Mangkurat melemparkan tombak kearah putra selir Majapahit, gugurlah dia! Melihat putra selir gugur secara licik,sang Patih semakin mengamuk bagai banteng ketaton, tak lagi ada yang ditakuti,segala senjata tak mampu melukai tubuhnya, bagaikan tugu terbuat dari baja,segala besi tak ada yang mempan ditubuhnya! Ditempat mana yang diterjang pasti bubar semburat, yang nekat melawan pasti tewas mengenaskan. Mayat bertumpang tindih. Sang patih ditembak pelor dari kejauhan, bagaikan hujan datangnya mimis, akan tetapi mental bagai mengenai batu cadas! Sunan Ngundhung (ayah Sunan Kudus) maju kedepan menghadapi amukan sang Patih, ditikam tapi tak terluka, ganti terkena tikaman, Sunan Ngundhung tewas seketika! (makam Sunan Ngundhung masih ada di pemakaman Troloyo, Trowulan Mojokerto sampai sekarang : DamarShashangka). Begitu Sunan Ngundhung tewas, sang Patih dikeroyok begitu banyak prajurid Demak, sedangkan para prajurid Majapahit sudah banyak yang tewas.Seberapa kuatnya satu orang melawan begitu banyak orang, akhirnya sang Patih gugur. Akan tetapi jasadnya hilang dan meninggalkan suara : " Ingat-ingatlah kalian semua orang Islam, diberikan kebaikan oleh Raja-ku malah membalas dengan keburukan, tega merebut negara Majaphit dan membuat pembunuhan sedemikian besar, ingatlah kelak akan aku balas, akan aku hajar kesadaranmu agar tahu mana yang benar dan mana yang salah, akan aku potong bersih rambutmu (maksudnya segala kebodohan mereka) dan akan aku tiup kepalamu (maksudnya akan diberikan pengetahuan yang benar)!"

Setelah sang Patih gugur, para Sunan lantas masuk kedalam keraton. Akan tetapi sang Prabhu sudah tidak ada, yang tinggal hanya Ratu Mas, yaitu Putri Champa. Sang putri diminta untuk menyingkir ke Benang dan menurut.

Para prajurid Demak masuk kedalam keraton tanpa dkomando, didalam istana mereka menjarah dan mengambil segala yang ada hingga bersih, para penduduk tidak ada yang berani melawan.Raden Gugur yang masih kecil berhasil meloloskan diri. Adipati Terung ikut masuk kedalam istana, membakar seluruh buku-buku ajaran Buda (Shiwa Buddha), pasukan yang tersisa kocar kacir melarikan diri, padahal seluruh pintu benteng dijaga pasukan Terung (coba diteruskan apa yang terjadi jika demikian? Dalam Serat Darmogandhul tidak dilanjutkan). Masyarakat Majapahit yang tidak mau tunduk lantas mengungsi besar-besaran ke gunung dan ke hutan-hutan (salah satunya pengikut Raden Jaka Seger dan Dewi Rara Anteng yang mengungsi ke daerah pegunungan Bromo. Menurunkan suku Tengger sampai sekarang. Nama Tengger diambil dari nama Dewi Rara An-TENG dan Raden Jaka Se-GER : Damar Shashangka).Sedangkan masyarakat yang tunduk dikumpulkan semua, lantas di Islam kan secara massal. Jasad para pejabat berikut putra-putra selir yang gugur dikumpulkan dan dikubur (tidak dibakar secara Shiwa Buddha) disebelah tenggara istana.Pemakaman tadi lantas dinamakan Bratalaya, konon katanya disanalah makam RadenLembu Pangarsa juga berada.

Tiga hari kemudian, Sultan Demak berangkat ke Ngampel, yang dipercaya menjaga di istana Majapahit adalah Patih Mangkurat dan Adipati Terung, untuk menjaga keamanan istana dari serangan-serangan pasukan Majapahit yang mungkin masih tersisa.Sunan Kudus juga ikut menjaga istana, seolah-olah menjadi pengganti Sang Prabhu. Wilayah Terung dijaga ulama tiga ratus, setiap malam melaksanakan shalat hajat serta membaca Kur'an. Separuh pasukan dan beberapa sunan mengiringi Sultan Demak menuju Ngampeldhenta.

Sunan Ngampel sudah wafat, hanya tinggal sang istri yang ada di Ngampel. Sang istri berasal dari Tuban, putri Adipati Arya Teja. Sepeninggal Sunan Ngampel, Nyi Ageng (istri Sunan Ngampel) dituakan oleh masyarakat Ngampel. Sang Prabhu Jimbuningrat (Raden Patah/Sultan Demak) sesampainya di Ngampel, segera memberikan sembah bakti kepada Nyi Ageng. Bergiliran, para sunan juga menghaturkan sembah baktinya. Prabhu Jimbuningrat lantas melaporkan bahwa telah berhasil menjebol Majapahit, melaporkan lolosnya Sang Ayahanda dan Raden Gugur,serta tewasnya Patih Majapahit serta mengabarkan bahwa dirinya sudah mengukuhkan diri sebagai Raja yang menguasai tanah Jawa, berjuluk : Senopati Jimbun atau Panembahan Palembang. Maksud kedatangannya ke Ngampel hendak meminta restu agar lestari menjadi Raja hingga keturunanya kelak.

Usai mendengar laporan Prabhu Jimbun, Nyi Ageng seketika menangis dan merangkul Sang Prabhu (Jimbuningrat). Hatinya bagai diiris-iris, beginilah ucapan yang keluardari bibir beliau :"Cucuku, kamu telah melakukan tiga buah dosa. Berani melawan Raja-mu sekaligus Orang tua-mu, orang yang telah memberikan kemuliaan duniawi, namun kamu hancurkan tanpa dosa. Jika mengingat kebaikan paman Prabhu Brawijaya,dimana para ulama diberikan tempat tinggal sehingga bisa mencari makan ditempat masing-masing, serta diberi kebebasan untuk menyebarkan agama, seharusnya sebagai manusia patut mengucapkan terima kasih. Tetapi mengapa akhirnya dibalas dengan kejahatan, sekarang beliau wafat atau masih hidup tidak diketahui lagi bagaimana nasibnya!"

Nyi Ageng berkata lagi kepada Sang Prabhu : "Ngger, aku hendak bertanya kepadamu, jawablah sejujurnya, siapakah ayahmu yang sesungguhnya? Siapakah yang mengukuhkan kamu menjadi Raja tanah Jawa dan siapa yang merestui? Apa sebabnya kamu melakukan pembunuhan kepada orang Majapahit sedangkan mereka tanpa memiliki kesalahan kepadamu?"

Sang Prabhu menjawab, konon Prabhu Brawijaya memang ayahandanya yang sesungguhnya.Yang mengangkat dirinya menjadi Raja tanah Jaya tak lain para Bupati pesisir utara. Yang merestui para Sunan. Majapahit diserang, sebab Sang Prabhu Brawijaya tidak mau masuk Islam, tetap bersikukuh memeluk agama kafir kufur,agama Buda (Shiwa Buddha) totok yang sudah keras bagai kerasnya kuwuk (batu laut).

Mendengar penuturan Prabhu Jimbun, Nyi Ageng menjerit seketika dan merangkul sambilberkata : "Ngger! Ketahuilah! Kamu telah berbuat dosa tiga macam. Pasti akan mendapatkan hukuman Gusti Allah. Kamu telah berani melawan Raja-mu dan Orangtuamu sendiri, yang telah memberikan kemuliaan duniawi bagimu, kamu tega telah melakukan kekerasan kepada orang yang tanpa salah. Adanya manusia Islam dan Kafir siapa yang menciptakan, kecuali hanya satu Gusti Allah sendiri.Manusia berganti agama itu tidak bisa dipaksa, jika bukan kehendak pribadinya sendiri. Ketahuilah manusia yang gugur karena memegang teguh keyakinannya termasuk manusia yang utama! Jika Gusti Allah menghendaki, pastinya tak usah disuruh, pasti akan memeluk agama Islam sendiri. Gusti Allah yang bersifat Rahman (Kasih) tidak memerintahkan untuk memaksa orang masuk agama tertentu,semua sesuai kehendak manusia sendiri-sendiri. GUSTI ALLAH TIDAK AKAN MENYIKSA MANUSIA KAFIR YANG TAK BERSALAH DAN TIDAK AKAN MEMBERIKAN PAHALA KEPADA ORANG ISLAM YANG PERBUATANNYA TIDAK BENAR! HANYA PERBUATANNYA YANG AKAN DIADILI SECARA ADIL, BUKAN KARENA AGAMANYA APA! Ibumu China menyembah Pek-Kong, yang diwujudkan dalam kertas bergambar atau arca dari batu. Tidak benar membenci orang Buda. Itu tandanya matamu masih terlapisi, sehingga tidak terang penglihatanmu, tidak tahu mana yang benar dan mana yang salah! Konon kamu putra Sang Prabhu, tapi mana ada putra yang tega menghancurkan ayahandanya sendiri, menghancurkan tanpa ada kesalahannya. Beda dengan mata orang Jawa asli, Jawa atau Jawi ( Jawa maksudnya paham atau sadar, orang Jawa yang tidak paham etika atau sadar sopan santun lumrah disebut ORA JAWA! : DamarShashangka), penglihatannya satu, paham mana yang benar dan mana yang salah, sadar mana yang baik dan mana yang buruk! Pasti takut berbakti kepada orangtua, kedua berbakti kepada Raja yang telah memberikan anugerah kemuliaan duniawi, orang tua maupun Raja wajib diberikan dharma bakti. Niatnya berbakti kepada orang tua, bukan melihat kafirnya! Kamu aku beritahu, Agung Kuparman beragama Islam dan mempunyai mertua kafir. Mertuanya benci kepadanya karena beda agama, senantiasa mencari jalan agar menantunya mati. Akan tetapi Agung Kuparman senantiasa berbakti dan menghormati karena mengingat dia adalah mertuanya yang bagaikan orangtua sendiri, tidak melihat kafirnya! Itulah contoh manusia utama, tidak seperti perbuatanmu, menganiaya orang tua hanya karena beliau beragama Buda dan tidak mau berganti agama Islam. Perbuatanmu tidak patut. Dan lagi aku hendak bertanya, apakah kamu pernah meminta secara pribadi kepada ayahandamu agar bersedia berganti agama? Lantas apa yang menyebabkan kamu nekad merusak negara Majapahit?"

Prabhu Jimbun menjawab, belum pernah meminta kesediaan ayahandanya agar berganti agama, datang ke Majapahit langsung menyerang.

Nyi Ageng Ngampel tertawa dan berkata, "Perbuatanmu semakin terlihat salah! Para Nabi pada jaman dulu, berani menentang orang tuanya, sebab sudah setiap hari meminta kesediaan orang tua mereka agar berganti agama, akan tetapi tidak mau juga,bahkan hingga diberi bukti mukjijat segala, mukjijat sudah saatnya berganti agama Islam, akan tetapi permintaan itu tidak digubris, orang tua mereka masih tetap memegang teguh agama lama, lantas mereka dimusuhi oleh orang tua mereka.Jika begitu kejadiannya, kalaupun harus bermusuhan dengan orang tua, mereka tidak salah. Sedangkan dirimu, apa mukjijatmu? Jika memang nyata Khalifatullah(Wakil Allah) yang berhak mengganti agama lama sekarang perlihatkan mukjijadmu aku ingin menyaksikannya!"

Prabhu Jimbun menjawab jika tidak memiliki mukjikat apapun, hanya menuruti bunyi kitab, katanya jika meng-Islam-kan orang kafir kelak mendapat anugerah surga.

Nyi Ageng Nganpel tertawa dan semakin marah, " Hanya katanya kok dituruti, bahkan bukan ujar leluhur. Kata-kata orang pengembara kok dituruti, akhirnya yang rusak dirimu sendiri. Itu tanda masih mentah pengetahuan agamamu! Berani kepada orang tua, hanya karena ingin menjadi Raja, kesengsaraan masyarakat banyak tidak kamu fikirkan. Dirimu bukan santri ahli Budi (Kesadaran), hanya manusia yang berikat kepala putih, bagaikan putihnya burung bangau, yang putih hanya kulitnya saja,didalamnya masih merah menyala! Saat kakekmu (Sunan Ngampel) masih hidup,dirimu pernah meminta ijin untuk menyerang Majapahit, kakekmu tidak memberikan ijin, bahkan wanti wanti jangan sampai bermusuhan dengan orang tua. Sekarang kakekmu sudah wafat, larangannya kamu langgar, kamu tidak takut melanggar wasiatnya. Jikalau dirimu sekarang meminta restu padaku untuk menjadi Raja tanah Jawa, diriku tidak berwenang memberikan ijin, diriku orang kecil, seorang wanita lagi. Nanti terbalik akhirnya. Sebab seharusnya dirimu yang berwenang memberikan restu kepadaku, sebab dirimu adalah Khalifatullah di tanah Jawa.Dirimu adalah orang tua, apa yang kamu ucapkan bagaikan ludah berisi api (maksudnya bakal dituruti banyak orang), diriku hanya tua tanpa arti, dirimulah yang tua karena kamu sekarang Raja!"
Puri Damarsashangka
Share this article :

Posting Komentar

 
Support : Editing Website | Bms_75
Copyright © 2014. Bms_75
Template Editing and Published by Bms_75
Proudly powered by Blogger