.
>>>>> SEMOGA SEMUA MAKHLUK HIDUP BERBAHAGIA <<<<<


SERAT DARMAGANDHUL_15

Carita adêge Nagara Islam ing Dêmak bêdhahe Nagara Majapahit kang salugune wiwite wong Jawa ninggal agama Buda banjur salin agama Islam.

(Cerita berdirinya Negara Islam di Demak, hancurnya Negara Majapahit, dimana saat itulah awal mula masyarakat Jawa meninggalkan agama Buda [Shiwa Buda] dan berganti memeluk agama Islam.)

Gancaran basa Jawa ngoko.
(Prosa dalam bahasa Jawa kasar)

Babon asli tinggalane K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.
(Diambil dari catatan induk asli peninggalan K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.)

Kyai Kalamwadi banjur nêrangake beda-bedane, yen saka dhawuhe kang Maha Kuwasa, manusa didhawuhi muja marang agamane. Nanging banjur akeh kang kliru muja marang barang kang katon, kaya ta kêris, tumbak, utawa liya-liyane barang. Kang kaya mangkono mau ngrusakake agama, amarga banjur mangeran marang wujud, satêmah lali marang Pangerane, amarga maro tingal marang barang rêrupan. Wong urip iku kudu duwe gondhelan agama, amarga yen ora duwe agama mêsthi duwe dosa, mung bae dosane mau ana kang sathithik lan ana kang akeh. Dene kang bisa nyirnakake (nyudakake) dosa iku, mung banyu suci, iya iku tekad suci lair batin. Kang diarani banyu tekad suci iku kang êning, iya iku minangka aduse manusa, bisa ngrêsiki lair batine. Yen wong luwih, ora ngarêp-arêp munggah swarga, kang digoleki bisaa nikmat mulya punjula saka sapadhane, aja nganti nêmu sangsara, bisaa duwe jênêng kang bêcik, sinêbut kang utama, bisaa nikmat badan lan atine, mulya kaya maune, kaya nalika isih ana ing alam samar, ora duwe susah lan prihatin. Lawang swarga iku prêlu dirêsiki, dirêngga ing tekad kang utama, supaya aja ngrêribêdi ana ing donyane, bisaa slamêt lair batine. Kang diarani lawang swarga lan lawang nêraka iku, pancadan kang tumuju marang kabêgjan utawa kacilakan. Yen bêcik narik raharja, yen ala ngundhuh cilaka, mula pangucap kang ala, mêsthi mlêbu yomani. Yen bêcik, bisa tampa ganjaran.

Darmagandhul matur maneh, nyuwun têrange, manusa ing dunya wujude mung lanang lan wadon, dadine kok banjur warna-warna, ana Jawa, ‘Arab, Walanda lan Cina. Dene sastrane kok uga beda-beda. Iku maune kêpriye, dalah têgêse sarta cacahing aksarane kok uga beda-beda. Geneya kok ora nganggo aksara warna siji bae?

Kyai Kalamwadi banjur nêrangake, yen kabeh-kabeh mau wis dadi karsane Kang Maha Kuwasa. Mula aksarane digawe beda-beda, supaya para kawulane padha mangan woh wit kayu Budi lan woh wit kayu Kawruh, amarga manusa diparingi wahyu kaelingan, bisa mêthik woh Kawruh lan woh Budi, pamêthike sapira sagaduke. Gusti Allah uga iyasa sastra, nanging sastrane nglimputi ing jêro, lan manut wujud, iya iku kang diarani sastra urip, manusa ora bisa anggayuh, sanadyan para Auliya sarta para Nabi ênggone nggayuh iya mung sagaduke. Woh wit Kawruh lan woh wit Budi ditandhani nganggo sipat wujud, dicorek ana ing dluwang, nganggo mangsi supaya wong bisa wêruh, mula jênênge dalwang, têgêse mêtu wangune, mangsi têgêse mangsit, dadi yen dalwang ditrapi mangsi, mêsthi banjur mêdal wangune, mangsit mangan kawruh, mula jênêng kalam, amarga kawruhe anggawa alam.

Sastra warna-warna paringe kang Maha-Kuwasa, iku wajib dipangan, supaya sugih pangrêten lan kaelingan, mung wong kang ora ngrêti sastra paringe Gusti Allah, mêsthi ora mangêrti marang wangsit.

Auliya Gong Cu kumênthus niru sastra tulisan paringe Gusti allah, nanging panggawene ora bisa, sastrane unine kurang, dadi pelon, para Auliya panggawene sastra dipathoki cacahe, mung aksara Cina kang akeh bangêt cacahe, nanging unine pelo, amarga Auliya kang nganggit kêsusu mangan woh Kawruh, ing mangka iya kudu mangan woh wit kayu Budi. Auliya mau lali yen tinitah dadi manusa. Ewadene mêksa nganggo kuwasane Kang Maha Kuwasa, anggayuh kang dudu wajibe, kêsusu tampa panglulu nganggit sastra kang nganti tanpa etungan cacahe, jênênge sastra godhong. Godhonge wit Budi lan wit Kawruh, dipêthik saka sathithik, ditata dikumpulake, banjur dianggit kanggo sastra, mulane aksarane nganti ewon. Auliya Cina kêsiku, amarga arêp gawe sastra urip kaya yasane Gusti Allah. Auliya Jawa ênggone mangan woh wit kayu Budi nganti warêg, mula ênggone nganggit aksara iya dipathoki cacahe. Auliya Arab ênggone mangan woh wit kayu Kuldi akeh bangêt. Dene ênggone nganggit aksara iya dipathoki cacahe. Nanging yen sastra yasane Gusti Allah, dadine saka sabda, wujude dadi dhewe, mulane unine iya cêtha, sastrane ora ana kang padha.

Darmagandhul banjur didhawuhi nimbang, mungguh anggitane para Auliya kabeh mau kang mratandhani asor luhuring budine kang êndi?

Saka panimbange Darmagandhul, kabeh mau iya bênêr, nanging anggêr mêtu saka budi. Dene kang gawe aksara mung sathithik, nanging wis bisa nyukupi, iku mratandhani yen luwih pintêr tinimbang karo liya-liyane.

Kiyai Kalamwadi ngandika: “Yen manusa arêp wêruh sastrane Gusti Allah, tulisan mau ora kêna ditonton nganggo mripat lair – kudu ditonton nganggo mripat batin. Yen mangkono iya bisa katon, Gusti Allah iku mung sawiji, nanging Dzate nyarambahi sakabehing wujud. Yen ndêlêng kudu nganggo ati kang bêning, ora kêna kacampuran pikiran kang warna-warna, sarta kudu kang mêlêng ênggone mawas, supaya ora bisa kliru karo kanyatane”.

Kiyai Kalamwadi lênggah diadhêp garwane aran Endhang Prêjiwati. Darmagandhul sarta para cantrik iya padha marak. Kiyai Kalamwadi paring piwulang marang garwane, dadi nêtêpi jênênge priya kudu mulang muruk marang rabine. Dene kang diwulangake, bab kawruh kasunyatan sarta kawruh kang kanggo yen wis tumêka ing pati, ing wong sêsomahan iku. Kang wadon diupamakake omah, sanadyan kahanane wis sarwa bêcik. Nanging sabên dinane isih kudu dipiyara lan didandani. Saka pangandikane Kiayi Kalamwadi, wong iku yen dipitakoni, satêmêne ragane wis bisa mangsuli, sabab ing kono wis ana pangandikane Gusti Allah paring piwulang, nanging ora mêtu ing lesan, mung paring sasmita kang wis ditulis ana saranduning badan sakojur.

Pangandikane kiyai Kalamwadi: “Sarehne aku iku wong cubluk, dadi ora bisa aweh piwulang kang endah, aku mung arêp pitakon marang ragamu, amarga ragamu iku wis bisa sumaur dhewe”.

Banjure pangandika kiyai Kalamwadi kaya ing ngisor iki. Tanganmu kiwa iku wis anggawa têgês dhewe, lan wis dadi piwulang kang bêcik lan nyata, kang anuduhake yen ragamu iku wujude kiwa, mung hawa kang katon. Têmbung ki: iku têgêse iki, wa: têgêse wêwadhah, ragamu iku di’ibaratake prau, prau dadi ‘ibarate wong wadon, wong têgêse ngêlowong, wadon têgêse mung dadi wadhah, dene isine mung têlung prakara, iya iku: “kar-ri-cis”. Yen prau wis isi têlung prakara iku, wong wadon wis kêcukup butuhe, dadi ora goreh atine. Dene têgêse kar-ri-cis iku mangkene.

Kar, têgêse dakar, iya iku yen wong lanang wis bisa nêtêpi lanange, mêsthi wong wadon atine marêm, wusanane dadi nêmu slamêt ênggone jêjêdhowan.
Ri, têgêse pari, iya iku kang minangka pangane wong wadon, yen wong lanang wis bisa nyukupi pangane, mêsthi wong wadon bisa têntrêm ora goreh.
Cis, têgêse picis, utawa dhuwit, ya iku yen wong lanang wis bisa aweh dhuwit kang nyukupi, mêsthi wong wadon bisa têntrêm.
Kosok baline yen wong lanang ora bisa aweh momotan têlung prakara mau, wong wadon bisa goreh atine. Tangan têngên têgêse etungên panggawemu, sabên dina sudiya, sanggup dadi kongkonan, wong wadon wis dadi wajibe ngrewangi kang lanang anggone golek sandhang pangan.

Bau têgêse kanthi, gênahe wong wadon iku dadi kanthine wong lanang, tumrap nindakake samubarang kang prêlu.

Sikut têgêse singkurên sakehing panggawe kang luput. Ugêl-ugêl têgêse sanadyan tukar padu, nanging yen isih padha trêsnane iya ora bisa pêdhot. Epek-epek têgêse ngêpek-ngêpek jênênge kang lanang, awit wong wadon iku yen wis laki, jênênge banjur melu jênênge kang lanang. Iya iku kang diarani warangka manjing curiga, warangkane wanita, curigane jênênge wong lanang.

Rajah (ing epek-epek) têgêse wong wadon iku panganggêpe marang guru-lakine dikaya dene panganggêpe marang raja.

Driji têgêse drêjêg utawa pagêr, iya iku idêrana jiwamu nganggo pagêr kautaman, wanita iku kudu andarbeni ambêk kang utama, dene driji kabeh mau ana têgêse dhewe-dhewe.

Jêmpol têgêse êmpol, yen wanita dikarsakake dening priyane, iku kang gampang gêtas rênyah kaya dene êmpoling klapa.

Driji panuduh têgêse wanita nglakonana apa sapituduhe kang priya.

Driji panunggul, têgêse wanita wajib ngunggulake marang priyane, supaya nyupangati bêcik.

Driji manis, têgêse wanita kudu duwe pasêmon utawa polatan kang manis, wicarane kudu kang manis lan prasaja.

Jênthik, têgêse wong wadon iku panguwasane mung sapara limane wong lanang, mula kudu sêtya tuhu marang priyane.

Kuku têgêse ênggone rumêksa marang wadi, paribasane aja nganti kêndho tapihe.

Mungguh pikikuhe wong jêjodhowan iku, wanita kudu sêtya marang lakine sarta nglakoni patang prakara, iya iku: pawon, paturon, pangrêksa, apa dene kudu nyingkiri padudon.

Wong jêjodhowan yen wis nêtêpi kaya piwulang iki, mêsthi bisa slamêt sarta akeh têntrême.

Kiyai Kalamwadi banjur paring pangandika maneh, dene kang dipangandikakake bab pikukuhe wong jêjodhowan. Saka pangandikane kiyai Kalamwadi, wong jêjodhowan iku pikukuhe kudu duwe ati eling, aja nganti tumindak kang ora bênêr. Mungguh pikukuhe wong laki-rabi iku, dudu dunya lan dudu rupa, pikukuhe mung ati eling. Wong jêjodhowan, yen gampang luwih gampang, nanging yen angel, angele ngluwihi. Wong jêjodhowan itu luput pisan kêna pisan, yen wis luput, ora kêna tinambak ing rajabrana lan rupa. Wanita kudu tansah eling yen winêngku ing priya, yen nganti ora eling, lupute banjur ngambra-ambra, amargi yen wanita nganti cidra, iku ugi ngilangake Pangerane wong jêjodhowan, dene kang diarani cidra iku ora mung jina bae, nanging samubarang kang ora prasaja iya diarani cidra, mula wanita kudu prasaja lair batine, amarga yen ora mangkono bakal nandhang dosa rong prakara, kang sapisan dosa marang kang lanang, kapindhone dosa marang Gusti Allah, kang mangkono iku mêsthi ora bisa nêmu lêlakon kang kapenak. Mula ati, kudu tansah eling, amarga tumindaking badan mung manut karêping ati, awit ati iku dadi ratuning badan. Wong jêjodhowan di’ibaratake prau kang gêdhe, lakuning prau manut satang lan kêmudhine, sanadyan satange bênêr, yen kêmudhine salah, prau ora bêcik lakune. Wong lanang iku lakuning satang, dene kang wadon ngêmudheni, sanadyan bêcik ênggone ngêmudheni, nanging yen kang nyatang ora bênêr, lakune prau iya ora bisa jêjêg, manawa lelorone padha benere bakal tentrem sarta bisa têkan kang disêdya, amarga kang padha nglakokake padha karêpe, dadi têgêse, wong jêjodhowan, kudu padha karêpe, mula kudu rukun, rukun iku gawe karaharjan sarta mahanani katêntrêman, ora ngêmungake wong jêjodhowan kang rukun bae, kang oleh katêntrêmaning ati, sanadyan tangga têparone iya melu têntrêm, mula wong rukun iku bêcik bangêt.

Kowe tak-pituturi, mungguh dalane kamulyan iku ana patang prakara

1. 1. Mulya saka jênêng.
2. 2. Mulya saka bandha.
3. 3. Mulya saka sugih ‘ilmu.
4. 4. Mulya saka kawignyan.

Kang diarani mulya saka jênêng, iku wong kang utama, bisa oleh kabêgjan kang gêdhe, nanging kabêgjane mau ora mung kanggo awake dhewe, kapenake uga kanggo wong akeh liyane. Dene kang mulya saka ing bandha, lan mulya saka ênggone sugih ‘ilmu, lan mulya saka kapintêran, iku ana ngêndi bae, iya akeh rêgane.

Mungguh dalane kasangsaran uga ana patang prakara:

1. 1. Rusaking ati, manusa iku yen pikire rusak, ragane mêsthi iya melu rusak.
2. 2. Rusaking raga, iya iku wong lara.
3. 3. Rusaking jênêng, iya iku wong mlarat.
4. 4. Rusaking budi, iya iku wong bodho, cupêt budine, wong bodho lumrahe gampang
       nêpsune.

Kang diarani tampa kanugrahing Gusti Allah, iya iku wong kang sêgêr kawarasan sarta kacukupan, apa dene têntrêm atine.

Wong urip kang kêpengin bisaa dadi wong utama, duweya jênêng kang bêcik, kanggo têtuladhan marang wong kang padha ditinggal ing têmbene”.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia

Kyai Kalamwadi lantas menerangkan perbedaannya, menurut petunjuk Yang Maha Kuasa, manusia diwajibkan untuk memuja agama. Akan tetapi lantas banyak yang telah keliru memuja kepada benda yang terlihat. Seperti halnya keris, tombak dan berbagai macam barang pusaka, lantas melupakan Tuhan, disebabkan telah mendua dengan men-Tuhan-kan benda. Manusia hidup harus mempunyai agama sebagai pegangan, sebab jika tidak memiliki agama dipastikan banyak melakukan kesalahan tak sengaja, baik kesalahan yang besar atau sedikit. Yang bisa membuat sirnanya kesalahan-kesalahan tadi, hanyalah air suci, yaitu tekad lahir batin (dan itu yang diajarkan agama). Yang dimaksudkan dengan air suci tekad maksudnya milikilah pikiran yang ening (hening), itulah cara mandi manusia yang sesungguhnya, mampu membersihkan lahir dan batinnya. Manusia utama dalam beragama tidak mengharap-harapkan memperoleh surga, yang dicari hanyalah keutamaan suci melebihi manusia lainnya, jangan sampai menemukan penderitaan, mempunyai nama yang baik, mempunyai sesebutan utama, mendapatkan ketentraman lahir batin, mulia seperti dulu-dulunya saat masih berada di alam samar, tidak terkena kesedihan dan keprihatinan. Bersihkan-lah pintu surgamu, berilah hiasan dengan tekad utama, supaya tidak menimbulkan masalah, bisa selamat lahir dan batin. Yang aku maksudkan dengan pintu surga dan pintu neraka, adalah sarana menuju kebahagiaan atau penderitaan. Jika baik adanya akan menarik keuntungan, jika buruk keadaannya akan menuai celaka. Pintu surga dan pintu neraka tak lain adalah ucapanmu. Jika buruk mengundang celaka, masuk pada penderitaan. Jika baik, akan mendapatkan keuntungan.

Darmagandhul bertanya lagi. Manusia didunia hanya berwujud lelaki dan perempuan, akan tetapi mengapa jadinya bermacam-macam bentuk, ada Jawa, Arab, Belanda dan China. Mengapa pula agamanya berbeda. Mengapa tidak diberikan satu ajaran saja?

Kyai Kalamwadi lantas menjelaskan. Semua adalah kehendak Yang Maha Kuasa. Oleh karena ajaran dibuat berbeda-beda, dimaksudkan agar seluruh manusia bisa terpicu menemukan buah pohon Kesadaran dan buah pohon Pengetahuan. Dengan sarana kecerdasan yang diberikan, sampai dimana mampu memetik buah Pengentahuan dan buah Kesadaran. Ketahuilah, Gusti Allah telah menciptakan sastra yang gaib, disebut sastra Hidup. Manusia jarang yang bisa memahaminya, walaupun para Auliya maupun para Nabi tetap saja memahami sebatas yang mereka bisa. Segala buah pohon Pengetahuan dan buah pohon Kesadaran diwujudkan dalam tulisan, diguratkan diatas DALWANG (kertas) dengan MANGSI (tinta) agar bisa terlihat wujudnya. Tempat mengguratkan tinta itu disebut DALWANG karena disana sebagai sarana me-DAL WANG-ngune (Keluar wewujudannya), MANGSIT (Memicu) manusia agar memakan buah pohon Pengetahuan (mendapat Pemahaman/Pengertian sebelum mendapatkan buah pohon Budi atau Kesadaran : Damar Shashangka). Alat tulisnya dinamakan KALAM, sebab buah pengetahuan yang tergurat disana bagaikan ucapan alam.

Segala macam sastra/ajaran pemberian Yang Maha Kuasa, wajib dimakan, agar kaya pengertian dan kaya pemahaman, hanya manusia yang tidak memahami sastra/ajaran pemberian Gusti Allah tidak akan memahami WANGSIT (Pengetahuan Rahasia).

(Aulia) yang terhormat Gong Cu (Kong Hu Cu) terlalu terburu-buru meniru sastra/ajaran gaib pemberian Gusti Alah, sehingga sat mewujudkan dalam bentuk aksara tidak bisa sempurna dan banyak pengucapan yang cedal. Para Auliya yang lain diseluruh dunia dengan sabar mencoba meniru sehingga mampu menciptakan aksara dengan batasan pasti Hanya aksara China yang terlampau banyak jumlahnya, pengucapanya juga cedal, sebab Auliya yang membuat aksara tersebut terlalu terburu-buru memakan buah Pengetahuan dan lupa memakan buah Kesadaran, lupa jikalau dirinya dititahkan sebagai manusia. Memaksakan diri memakai kuasa Yang Maha Kuasa, meraih sesuatu yang belum saatnya, terburu-buru membuat aksara hingga jumlahnya tak bisa dihitung. Aku menyebut aksara seperti itu adalah sastra Godhong (Daun). Yaitu Daun dari pohon Kesadaran dan daun pohon Pengetahuan, diambil sedikit-sedikit, ditata dan dikumpulkan, diwujudkan dalam aksara dan ternyata jumlahnya ribuan. Auliya China hendak meniru semua sastra Hidup buatan Gusti Allah. Auliya Jawa sebelum mencipta aksara sudah mencapai tahap Kesadaran, oleh karenanya saat hendak mewujudkan ajaran/sastra Hidup milik Gusti Allah disertai pula dengan kesabaran, sehingga mampu menciptakan aksara yang jumlahnya bisa dibatasi. Auliya Arab memakan buah pohon Kuldi, membuat aksara demi untuk mewujudkan sastra/ajaran Hidup Gusti Allah juga bisa dibatasi. Tapi sesungguhnya sastra/ajaran Hidup buatan Gusti Allah, berasal dari Sabda (AUM ~ Logos : Damar Shashangka), berwujud sendiri, berbunyi jelas dan bentuknya berbeda-beda serta tak terhitung.

Darmagandhul lantas disuruh menimbang, dari semua ajaran buatan para Auliya tadi yang bisa menunjukkan tingkatan tinggi rendahnya Kesadaran aksara yang mana?

Menurut pertimbangan Darmagandhul, semua ajaran bisa dianggap benar, jikalau semua keluar dari Kesadaran. Sedangkan aksara yang berjumlah lebih sedikit sebagai sarana mewujudkan ajaran tersebut dalam bahasa manusia, menurut Darmagandhul itu hanya karena kepintaran/kemahiran sang pencipta aksara tersebut (tidak ada hubungannya dengan Kesadaran sama sekali. : Damar Shashangka).

Kyai Kalamwadi berkata : “Jika manusia hendak melihat sastra/ajaran Gusti Allah, aksaranya tidak bisa dilihat dengan mata lahir, hanya bisa dilihat dengan mata Kesadaran. (Ajaran Hidup atau ajaran Tuhan itu adalah Rta/Dharma/Kebenaran/Hukum Alam ini. Itulah sastra/ajaran Tuhan yang sesungguhnya : Damar Shashangka). Gusti Allah Tunggal ada-Nya, akan tetapi Dzat-Nya meliputi seluruh perwujudan. Untuk bisa melihat harus dengan Kesadaran yang jernih, tidak boleh tercampuri kehendak yang aneh-aneh. Harus teliti dan sabar, supaya menyadari kenyataan Dia yang sebenarnya.

Kyai Kalamwadi duduk dihadap istrinya yang bernama Endhang Prejiwati. Darmagandhul serta para cantrik (murid) yang lain menghadap. Saat itu Kyai Kalamwadi tengah memberikan wejangan kepada istrinya. Demikianlah kewajiban seorang suami harus memberikan pengajaran yang baik bagi istrinya. Yang diwejangkan adalah pengetahuan Kesejatian dan pengetauan yang diperlukan jika sudah datang saatnya kematian. Seorang istri diibaratkan seperti halnya rumah. Walau kondisinya sudah baik, akan tetapi setiap hari harus tetap dibersihkan, dipelihara dan diperbagus. Kyai Kalamwadi lantas menuturkan, bahwasanya didalam raga manusia ini banyak firman Tuhan yang memberikan pengetahuan. Tetapi hanya sebatas berupa tanda-tanda yang tertulis disekujur badan.

Kyai Kalamwadi berkata : “Dikarenakan diriku ini orang bodoh, oleh karenanya aku tidak bisa memberikan wejangan yang terangkai dengan kata-kata indah. Aku hendak bertanya kepada jasadmu, dan dari jasadmu akan banyak ditemukan jawaban.”

Lantas beginilah ucapan Kyai Kalamwadi. Tangan kirimu itu memiliki arti sendiri, bisa dibuat contoh nyata kebaikan, menunjukkan bahwa ragamu itu dipenuhi wujud hawa (Keinginan) belaka. Kata ‘KI’ maksudnya ‘i-KI’ (Ini) ‘WA’ maksudnya ‘we-WA-dhah’ (Tempat). Jasadmu itu ibarat perahu dan perahu ibarat dari seorang wanita. WONG maksudnya ‘ngelo-WONG’ (Memiliki ruang), WADON (Wanita) maksudnya hanya sebagai WADHAH (Tempat). Isinya hanya tiga perkara, yaitu KAR-RI-CIS. Maksud dari KAR-RI-CIS adalah sebagai berikut :

1. 1. KAR artinya dza-KAR (Penis). Maksudnya jikalau lelaki bisa memenuhi kelelakiannya (memenuhi kebutuhan biologis istrinya), sang wanita pasti merasa puas, sehingga akan langgeng dalam perjodohan suami istri.

2. 2. RI artinya pa-RI (Padi). Maksudnya makanan. Jikalau sang suami bisa mencukupi kebutuhan makanan sang istri, pastilah sang istri tenteram hatinya.

3. 3. CIS maksudnya pi-CIS atau uang, jikalau sang suami mampu memberikan uang yang cukup kepada sang istri, pastilah sang istri akan tenteram.

Jika sebaliknya, jikalau sang suami tidak mampu memenuhi ketiga-tiganya, sang istri bisa resah hatinya. Sedangkan tangan TENGEN (Kanan) maksudnya ‘etung-NGEN’ (Telitilah) tingkah lakumu. Setiap hari harus bersedia melayani suami bahkan sang wanita wajib pula membantu sang suami mencari sandang dan pangan.

Bahu atau KANTHI (Damping), maksudnya seorang istri adalah pendamping suami untuk melakukan segala pekerjaan yang perlu.

SIKUT (Siku) maksudnya SINGKUREN (Belakangilah) segala perbuatan salah. UGEL-UGEL (Pergelangan) melambangkan, walau terjadi pertengkaran, seyogyanya tidak akan terpisahkan selamanya (Pergelangan adalah tempat sambungan antara dua tulang yang terpisah. Suami dan istri walau memiliki keinginan yang berbeda, tetaplah menjadi satu ibarat pergelangan tangan tersebut).

EPEK-EPEK (Telapak tangan), maksudnya nge-PEK (Meminta) nama suami. Sebab wanita jika sudah bersuami, namanya lantas dipanggil dengan nama suaminya. Inilah perlambang dari Warangka (Sarung Keris) masuk kedalam Curiga (Keris). Warangka adalah sang wanita, Keris-nya adalah nama dari suaminya.

RAJAH ditelapak tangan, memberikan petunjuk agar seorang istri menganggap suaminya adalah Raja-nya.

DRIJI (Jemari) maksudnya adalah DREJEG atau pagar. Kelilingilah jiwamu dengan pagar keutamaan, seorang wanita harus memiliki watak utama. Setiap jemari memiliki arti sendiri-sendiri.

JEMPOL artinya EMPOL (Bagian renyah didalam batang pohon kelapa yang bisa dimakan), maksudnya seorang istri manakala diingini oleh seorang suami, haruslah mudah dan renyah bagaikan renyahnya empol kelapa.

DRIJI PANUDUH (Jari telunjuk) maksudnya seorang wanita harus menjalani apa saja sa-PITUDUH-e (Segala yang ditunjukkan) oleh sang suami.

DRIJI PANUNGGUL (Jari tengah), maksudnya agar seorang wanita bisa ng-UNGGUL-ake (Mengunggulkan) suaminya agar mendapat keberkahan.

DRIJI MANIS (Jari manis) maksudnya seorang wanita harus memiliki wajah dan tingkah laku yang MANIS, berbicara yang MANIS dan sewajarnya.

JENTHIK (Jari kelingking) maksudnya sebagai seorang istri, seorang wanita kuasanya dalam rumah tangga hanya seperlima dari kuasa suami, oleh karenanya harus setia dan menurut kepada suaminya.

KUKU maksudnya harus KUKUH (Kuat dan rapat) menjaga bagian rahasianya, jangan sampai gampang kendor tapih (kemben)-nya. (Gampang tergoda lelaki lain)

Pegangan hidup (PIKUKUH) berumah tangga, bagi wanita harus setia dan penurut kepada suaminya serta harus menjalani empat perkara, yaitu : PAWON (DAPUR) PATURON (RANJANG), PANGREKSA (MENJAGA DIRI) serta menghindari PADUDON (PERTENGKARAN).

Hidup berumah tangga manakala bisa menetapi aturan ini, dapat dipastikan akan selamat dan tenteram.

Kyai Kalamwadi memberikan petunjuk lagi tentang ketetapan berumah tangga. Menurut Kyai Kalamwadi, hidup berumah tangga harus berketetapan pada hati yang ingat, jangan sampai berbuat yang tidak baik. Bukan harta benda dan wajah sebagai pegangannya, tapi hati yang senantiasa ingat. Jika gampang sangat-sangat gampang, jika sulit, sangat-sangat sulit menjalaninya. Jika gagal gagal sekalian, jika dapat harus dapat sekalian (tidak boleh setengah-setengah maksudnya), jikalau sampai salah jalan tidak bisa diberikan ganti rugi dengan harta dan perwajahan tampan/cantik (jika sudah melakukan kesalahan, tak pandang punya harta banyak atau wajah bagus, tetap akan mendapatkan malu). Seorang istri harus senantiasa ingat jika dirinya dimiliki oleh seorang suami. Jikalau tidak mengingat akan hal ini, akan seenaknya dalam bersikap, sebab jika sampai ingkar, bisa menghilangkan keberkahan hidup berumah tangga. Yang dimaksud dengan ingkar bukan hanya ber-zina dengan lelaki lain saja, akan tetapi segala hal perbuatan yang berakibat tidak baik, juga bisa disebut ingkar, oleh karenanya seorang istri harus apa adanya (jujur) lahir dan batin, sebab jika tidak, pasti akan mendapatkan dua maca dosa, pertama berdosa kepada suami dan kedua berdosa kepada Gusti Allah, dapat dipastikan tidak akan mendapatkan kehidupan yang nyaman dikemudian harinya. Oleh karena itu hati harus senantiasa ingat, sebab perbuatan badan menuruti keinginan hati, sebab hati adalah raja bagi badan. Hidup berumah tangga bisa diibaratkan sebuah perahu besar, jalannya perahu terletak pada layar dan kemudi, walaupun layar sudah benar manakala kemudi salah menjalankan, perahu-pun tidak akan bisa berjalan baik. Suami ibarat pemegang layar sedangkan sang istri ibarat pemegang kemudi. Walaupun sudah benar menjalankan kemudi, namun jika layar tidak benar, maka jalannya perahu juga tidak bisa tegak. Jikalau keduanya sudah benar, maka akan menuai ketentraman dan akan sampai apa yang diinginkan, sebab kedua-dua orang menjalankan tugasnya dengan baik. Singkatnya, hidup berumah tangga kedua pasang suami istri harus sama tujuannya, oleh karenanya harus rukun, kerukunan akan membuahkan kebahagiaan. Bukan hanya yang tengah menjalankan hidup berumah tangga saja yang akan bahagia, jika bisa belajar hidup rukun, tetangga kiri dan kanan-pun juga ikut bahagia.

Aku katakan padamu, jalan memperoleh kemuliaan hidup itu ada empat perkara :

1. 1. Mulia karena nama
2. 2. Mulia karena harta
3. 3. Mulia karena banyak ilmu
4. 4. Mulia karena banyak keahlian

Yang dimaksudkan dengan mulia karena nama, itu manusia utama, bisa mendapatkankeuntungan besar, dan keuntungan tersebut bisa dirasakan oleh orang lain pula. Sedangkan mulia karena harta, mulia karena banyak ilmu dan mulia banyak keahlian, dimanapun tempatnya akan dihargai orang.

Jalan menuju kesengsaraan juga ada empat perkara :

1. Rusaknya hati (moral) manusia itu jikalau moralnya rusak, raganya juga ikut menemui kerusakan.
2. Rusaknya raga, yaitu manusia berpenyakitan
3. Rusaknya nama, yaitu manusia miskin.
4. Rusaknya Budi (Kesadaran), itulah manusia bodoh. Manusia bodoh sempit pikirannya dan
   kebanyakan pemarah.

Manusia yang mendapatkan anugerah dari Gusti Allah adalah manusia yang sehat, cukup rejeki dan tentram hatinya.

Manusia hidup yang ingin menjadi manusia utama, maka milikilah nama baik agar bisa dijadikan contoh oleh mereka yang ditinggalkan kemudian
Damar Shashangka
Share this article :

Posting Komentar

 
Support : Editing Website | Bms_75
Copyright © 2014. Bms_75
Template Editing and Published by Bms_75
Proudly powered by Blogger