.
>>>>> SEMOGA SEMUA MAKHLUK HIDUP BERBAHAGIA <<<<<


SERAT DARMAGANDHUL_16-Tamat

Carita adêge Nagara Islam ing Dêmak bêdhahe Nagara Majapahit kang salugune wiwite wong Jawa ninggal agama Buda banjur salin agama Islam.

(Cerita berdirinya Negara Islam di Demak, hancurnya Negara Majapahit, dimana saat itulah awal mula masyarakat Jawa meninggalkan agama Buda [Shiwa Buda] dan berganti memeluk agama Islam.)

Gancaran basa Jawa ngoko.
(Prosa dalam bahasa Jawa kasar)

Babon asli tinggalane K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.
(Diambil dari catatan induk asli peninggalan K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.)

Ki Darmagandhul matur lan nyuwun ditêrangake bab anane wong ing jaman kuna karo wong ing jaman saiki, iku satêmêne pintêr kang êndi, amarga wong akeh panêmune warna-warna tumrape bab iku.

Pangandikane kiyai Kalamwadi: “Wong kuna lan wong saiki, iku satêmêne iya padha pintêre, mung bae tumrape wong ing jaman kuna, akeh kang durung bisa mujudake kapintêrane, mula katone banjur kaya dene ora pintêr. Ana dene wong ing jaman saiki ênggone katon luwih pintêr iku amarga bisa mujudake kapintêrane. Wong ing jaman kuna kapintêrane iya wis akeh, dene kang mujudake iya iku wong ing jaman saiki. Saupama ora ana kapintêrane wong ing jaman kuna, mêsthi bae tumrape wong ing jaman saiki ora ana kang kanggo têtuladhan, amarga kahanan saiki iya akeh kang nganggo kupiya kahanan ing jaman kuna. Wong ing jaman saiki ngowahi kahanan kang wis ana, êndi kang kurang bêcik banjur dibêcikake. Wong ing jaman saiki ora ana kang bisa nganggit sastra, yen manusa iku rumasa pintêr, iku têgêse ora rumasa yen kawula, mangka uripe manusa mung sadarma nglakoni, mung sadarma nganggo raga, dene mobah mosik, wis ana kang murba. Yen kowe arêp wêruh wong kang pintêr têmênan, dununge ana wong wadon kang nutu sabên dina, tampahe diiseni gabah banjur diubêngake sadhela, gabah kang ana kabur kabeh, sawise, banjur dadi beda-beda, awujud bêras mênir sarta gabah, nuli mung kari ngupuki bae, sabanjure dipilah-pilah. Têgêse: bêras yen arêp diolah kudu dirêsiki dhisik, miturut kaya karêpe kang arêp olah-olah. Yen kowe bisa mangreh marang manusa, kaya dene wong wadon kang nutu mau, ênggone nyilah-nyilahake bêras aneng tampah, kowe pancen wong linuwih, nanging kang mangkono mau dudu kawadjibanmu, awit iku dadi kawajibane para Raja, kang misesa marang kawulane. Dene kowe, mung wajib mangrêti tataning praja supaya uripmu aja kongsi dikul dening sapadhaning manusa, uripmu dadi bisa slamêt, kowe bakal dadi têtuwa, kêna kanggo pitakonan tumraping para mudha bab pratikêle wong ngawula ing praja. Mula wêlingku marang kowe, kowe aja pisan- pisan ngaku pintêr, amarga kang mangkono mau dudu wajibing manusa, yen ngrumasani pintêr, mundhak kêsiku marang Kang Maha Kuwasa, kaelokane Gusti Allah, ora kêna ginayuh ing manusa, ngrumasanana yen wong urip iku mung sadarma, ana wong pintêr isih kalah pintêr karo wong pintêr liyane, utawa uga ana wong pintêr bisa kasoran karo wong kompra, bodho pintêring manusa iku saka karsane Kang Maha Kuwasa, manusa anduweni apa, bisane apa, mung digadhuhi sadhela dening Kang Maha Kuwasa, yen wis dipundhut, kabeh mau bisa ilang sanalika, saka kalangkungane Gusti Allah, yen kabeh mau kapundhut banjur diparingake marang wong kompra, wong kompra banjur duwe kaluwihan kang ngungkuli kaluwihane wong pintêr. Mula wêlingku marang kowe, ngupayaa kawruh kang nyata, iya iku kawruh kang gandheng karo kamuksan”.

Ki Darmagandhul banjur matur maneh, nyuwun têrange bab tilase kraton Kêdhiri, iya iku kratone Sang Prabu Jayabaya. Kiyai Kalamwadi ngandika: “Sang Prabu Jayabaya ora jumênêng ana ing Kêdhiri, dene kratone ana ing Daha, kaprênah sawetane kali Brantas. Dene yen Kêdhiri prênahe ana sakuloning kali Brantas lan sawetaning gunung Wilis, ana ing desa Klotok, ing kono iku ana bata putih, iya iku patilasane Sri Pujaningrat. Dene yen patilasane Sri Jayabaya ika ana ing daha, saikine jênênge desa Mênang, patilasane kadhaton wis ora katon, amarga kurugan ing lêmah lahar saka gunung Kêlut, patilasan-patilasan mau wis ilang kabeh, pasanggrahan Wanacatur lan taman Bagendhawati uga wis sirna, dene pasanggrahan Sabda, kadhatone Ratu Pagêdhongan uga wis sirna. Kang isih mung rêca yasane Sri Jayabaya, iya iku candhi Prudhung, Têgalwangi, prênahe ing sa-lor-wetane desa Mênang, lan rêca buta wadon, iya iku rêca kang diputung tangane dening Sunan Benang nalika lêlana mênyang Kêdhiri, rêca mau lungguhe madhêp mangulon, ana maneh rêca jaran awak siji êndhase loro, panggonane ana ing desa Bogêm, wêwêngkon dhistrik Sukarêja, mula Sri Jayabaya yasa rêca, mangkene caritane, (kaya kang kapratelakake ing ngisor ini)”.

Ing Lodhaya ana buta wadon ngunggah-unggahi Sang Prabu Jayabaya, nanging durung nganti katur ing ngarsa Prabu, buta wadon wis dirampog dening wadya cilik-cilik, buta wadon banjur ambruk, nanging durung mati, barêng ditakoni, lagi waleh yen sumêdya ngunggah-unggahi Sang Prabu. Sang Prabu banjur mriksani putri buta mau, barêng didangu iya matur kang dadi sêdyane. Sang Prabu banjur paring pangandika mangkene: “Buta! andadekna sumurupmu, karsaning Dewa Kang Linuwih, aku iku dudu jodhomu, kowe dak-tuturi, besuk sapungkurku, kulon kene bakal ana Ratu, nagarane ing Prambanan, iku kang pinasthi dadi jodhomu, nanging kowe aja wujud mangkono, wujuda manusa, aran Rara Jonggrang”.

Sawise dipangandikani mangkono, putri buta banjur mati. Sang Prabu banjur paring pangandika marang para wadya, supaya desa ing ngêndi papan matine putri buta mau dijênêngake desa Gumuruh. Ora antara suwe Sri Jayabaya banjur jasa rêca ana ing desa Bogêm. Rêca mau wujud jaran lagaran awak siji êndhase loro, kiwa têngên dilareni. Patihe Sang Prabu kang aran Buta Locaya sarta Senapatine kang aran Tunggulwulung padha matur marang sang Prabu, kang surasane nyuwun mitêrang kang dadi karsa-Nata, ênggone Sang Prabu yasa rêca mangkono mau, apa mungguh kang dadi karsane. Sang Prabu banjur paring pangandika, yen ênggone yasa rêca kang mangkono itu prêlu kanggo pasêmon ing besuk, sapa kang wêruh marang wujude rêca iku mêsthi banjur padha mangrêti kang dadi tekade wong wadon ing jaman besuk, yen wis jaman Nusa Srênggi. Bogêm têgêse wadhah bangsa rêtna-rêtna kang adi, têgêse wanita iku bangsa wadhah kang winadi. Laren kang ngubêngi jaran têgêse iya sêngkêran. Dene jaran sêngkêran iya iku ngibaratake wong wadon kang disêngkêr. Sirah loro iku dadi pasêmone wong wadon ing jaman besuk, kang akeh padha mangro tingal, sanadyan ora kurang ing panjagane, iya bisa cidra, lagaran, iku têgêse tunggangan kang tanpa piranti. Ing jaman besuk, kang kêlumrah wong arêp laki-rabi, ora nganggo idine wong tuwane, margane saka lagaran dhisik, yen wis mathuk pikire, iya sida diêpek rabi, nanging yen ora cocog, iya ora sida laki-rabi.

Sang Prabu ênggone yasa candhi, prêlu kanggo nyêdhiyani yen ana wadyabala kang mati banjur diobong ana ing kono, supaya bisa sirna mulih marang alam sêpi. Yen pinuju ngobong mayit, Sang Prabu uga karsa rawuh ngurmati.

Kang mangkono iku wis dadi adate para raja ing jaman kuna. Mula kang dadi panyuwunku marang Dewa, muga Sang Prabu karsa yasa candhi kanggo pangobongan mayit, kaya adate Raja ing jaman kuna, amarga aku iki anak dhalang, aja suwe-suwe kaya mêmêdi, duwe rupa tanpa nyawa, bisaa mulih marang asale.

Samuksane Sang Prabu Jayabaya, Patih Buta Locaya sarta Senapati Tunggulwulung, apa dene putrane Sang Prabu kang kêkasih Ni Mas Ratu Pagêdhongan, kabeh banjur padha andherek muksa.

Buta Locaya banjur dadi ratuning dhêdhêmit ing Kêdhiri. Tunggulwulung ana ing gunung Kêlut, dene Ni Mas Ratu Pagêdhongan banjur dadi ratuning dhêdhêmit ana ing sagara kidul, asmane ratu Anginangin.

Ana kêkasihe Sang Prabu Jayabaya, jênênge Kramatruna, nalika Sri Jayabaya durung muksa, Kramatruna didhawuhi ana ing sêndhang Kalasan. Sawise têlung atus taun, putrane Ratu ing Prambanan, kêkasih Lêmbumardadu iya Sang Pujaningrat, jumênêng Nata ana ing Kêdhiri, kadhatone ana sakuloning bangawan, kêdhi têgêse wong wadon kang ora anggarap sari, dene dhiri iku têgêse anggêp, kang paring jênêng iku Rêtna Dewi Kilisuci, dicocogake karo adate Sang Rêtna piyambak, amarga Sang Rêtna Dewi Kilisuci iku wadat, sarta ora anggarap sari. Dewi Kilisuci nyawabi nagarane, aja akeh gêtihe wong kang mêtu. Mula Kêdhiri iku diarani nagara wadon, yen nglurug pêrang akeh mênange, nanging yen dilurugi apês. Kang kêlumrah pambêkane wanita ing Kêdhiri iku gêdhe atine, amarga kasawaban pambêkane Sang Rêtna Dewi Kilisuci. Dene Rêtna Dewi Kilisuci iku sadhereke sêpuh Nata ing Jênggala. Sang Rêtna mau tapa ana ing guwa Selamangleng, sukune gunung Wilis.

WUWUHAN KATÊRANGAN

Kanjeng Susuhunan Ampeldênta pêputra ratu Patimah, patutan saka Nyai Agêng Bela. Ratu Patimah krama oleh pangeran Ibrahim, ing Karang Kumuning Satilare Pangeran Karang Kumuning. Ratu Patimah banjur tapa ana ing manyura, karo Pangeran Ibrahim Ratu Patimah pêputra putri nama Nyai Agêng Malaka, katêmokake Raden Patah.

Raden Patah (Raden Praba), putrane Prabu Brawijaya patutan saka putri Cêmpa kang katarimakake marang Arya Damar Adipati ing Palembang, barêng Raden Patah wis jumênêng Nata, jêjuluk Sultan Syah ‘Alam Akbar Siru’llah Kalifatu’lRasul Amiri’lMu’minin Rajudi’l’Abdu’l Hamid Kak, iya Sultan Adi Surya ‘Alam ing Bintara (Dêmak).

Putri Cêmpa nama Anarawanti (Ratu Êmas) kagarwa Prabu Brawijaya, pêputra têlu:

1. Putri nama Rêtna Pambayun, katrimakake marang Adipati Andayaningrat ing Pêngging, nalika jaman pambalelane nagara Bali marang Majapahit.

2. Raden Arya Lêmbupêtêng Adipati ing Madura.

3. Isih timur rêmên marang laku tapa, nama Raden Gugur, barêng muksa kasêbut nama Sunan Lawu.

Panênggak Putri Cêmpa nama Pismanhawanti kagarwa putrane Jumadi’l Kubra I, patutan saka ibu Sitti Patimah Kamarumi, isih têdhake Kangjêng Nabi Mukammad, asma Maulana Ibrahim, dêdalêm ana ing Jeddah, banjur pindhah ing Cêmpa, dadi Imam ana ing Asmara tanah ing Cêmpa, banjur kasêbut nama Maulana Ibrahim Asmara, iku kang pêputra Susuhunan Ampeldênta Surabaya. Dene putra Cêmpa kang waruju kakung, nama Awastidab, wus manjing Islam, nyakabat marang maulana Ibrahim, jumênêng Raja Pandhita ing Cêmpa anggênteni ingkang rama, pêputra siji kakung kêkasih Raden Rachmat. Kang ibu putri Cêmpa (garwa Maulana Ibrahim), pêputra Sayid ‘Ali Rachmat, ngêjawa nama Susuhunan Katib ing Surabaya, dêdalêm ing Ampeldênta, kasêbut Susuhunan Ampeldênta. Cêmpa iku kutha karajan ing India buri Sayid Kramat kang kasêbut ing buku iki pêparabe Susuhunan ing Bonang (Sunan Benang).
TAMAT

Terjemahan dalam bahasa Indonesia

Ki Darmagandhul lantas memohon agar diterangkan perbandingan kecerdasan orang dulu dengan sekarang, mana diantara kedua generasi yang pintar, banyak orang memiliki pendapat yang bermacam-macam tentang hal itu.

Kyai Kalamwadi menjawab : “Orang dulu dengan orang sekarang sama-sama cerdasnya. Hanya saja orang jaman dulu kurang bisa mewujudkan kepintaran mereka, sehingga terlihat seolah bodoh. Sedangkan orang jaman sekarang, telah mampu mewujudkan kepintaran mereka sehingga terlihatlah mereka pintar. Kepintaran orang sekarang merupakan limpahan dari kepintaran orang dimasa lalu. Jika orang dulu tidak ada yang pintar, tentunya tidak ada yang bisa dibuat suri tauladan oleh orang jaman sekarang. Orang sekarang masih banyak mencontoh kebijakan masa lalu. Orang yang hidup sekarang juga memberikan sentuhan perubahan, apa yang kurang baik dijadikan lebih baik lagi. Orang jaman sekarang, tidak terbiasa mengemas kebijakan mereka dalam wujud sastra/simbolik. Tapi sesungguhnya, manusia tidaklah layak merasa pintar, karena dia hanya sekedar hamba. Hanya sekedar menjalani. Hanya sekedar memakai jasad fisik. Gerak manusia sesungguhnya sudah ada yang melakukannya. Namun jikalau kamu ingin tahu bagaimanakah manusia yang benar-benar pintar, hal itu sisimbolkan pada sosok wanita yang tiap hari memilah padi (nutu). Tampah (wadhah terbuat dari anyaman rotan) diisi beras hasil ditumbuk. Lantas diputar sejenak. Kulit padi akan beterbangan semua. Sehingga terpisahlah mana beras dan mana kulitnya. Lantas tinggal diambil untuk dipilah-pilah kembali. Singkatnya, beras sebelum diolah untuk dimasak menurut selera harus dibersihkan dulu. Begitulah kesadaran manusia hidup, harus mencontoh wanita tengah memilah padi diatas tampah. Jika kamu bisa berlaku demikian, kamu manusia unggul. Akan tetapi sesungguhnya, tanggung jawab yang sedemikian itu ada pada seorang Raja, yang menguasai seluruh hamba-hambanya. Sedangkan dirimu harus mentaati peraturan negara agar hidupmu tidak diasingkan sesama dan selamat. Dirimu akan menjadi sontoh bagi mereka yang ingin setia pada negara. Oleh karenanya pesanku, jangan sekali-kali dirimu mengaku pintar, itu bukan kewajiban manusia. Jika merasa pintar akan mendapat murka dari Yang Maha Kuasa. Kuasa Gusti Allah tidak bisa digapai oleh manusia. Sadarilah manusia hidup itu hanya sekedar menjalani semata. Jika ada orang pintar, pasti akan ada yang lebih pintar lagi. Bahkan ada manusia pintar kalah dengan orang bodoh. Bodoh maupun pintarnya manusia itu atas kehendak Yang Maha Kuasa. Apapun yang dimiliki manusia, apapun kebisaan manusia, semua hanya diberi pinjaman oleh Yang Maha Kuasa. Jika sudah diambil, semua bakal musna seketika. Karena kuasa Gusti Allah, bisa saja hal yang telah diambil tersebut di berikan kepada manusia bodoh, sehingga manusia bodoh bisa mengalahkan manusia pintar. Oleh karenanya pesanku lagi, carilah pengetahuan nyata, yaitu pengetahuan yang behubungan dengan moksha.”

Ki Darmagandhul lantas bertanya lagi, memohon agar dijelaskan tentang petilasan keraton Kedhiri, yaitu keraton Prabhu Jayabaya. Kyai Kalamwadi menjawab, “Sang Prabhu Jayabaya tidak berdiam di Kedhiri (sekarang), namun berdiam di Daha, terletak disebelah timur sungai Brantas. Sedangkan kota Kedhiri terletak di barat sungai Brantas dan disebelah timur gunung Wilis. Di Desa Klotok, disana terdapat batu bata putih, itulah tempat petilasan Sang Pujaningrat. Sedangkan keraton beliau terletak di Daha, sekarang disebut dengan nama Desa Menang. Peninggalan keraton sudah tidak didapati lagi karena terurug oleh pasir akibat muntahan lahar gunung Kelud. Semua bekas istana dan semua petilasan tersebut sudah hilang. Pesangggrahan Wanacatur dan Taman Bagendhawati juga sudah sirna. Begitu juga pasanggrahan Sabda kadhaton milik Ratu Pagêdhongan juga sudah sirna. Yang tertinggal hanya arca buatan Prabhu Jayabaya yang ada di candi Prudhung, Tegalwangi yang terletak disebelah timur laut dari Menang, serta arca Raksasa perempuan yang diputus tangannya oleh Sunan Benang saat masuk ke wilayah Kedhiri. Arca tadi duduk menghadap ke barat. Ada lagi arca kuda berkepala dua, terletak disesa Bogem, wilayah distrik Sukareja (Sukorejo).

Di daerah Lodhaya (Lodaya) ada seorang Raksasa wanita yang hendak ngunggah-unggahi (melamar) Sang Prabhu Jayabhaya. Akan tetapi belum sempat bertemu dengan Sang Prabhu, Raksasa wanita tadi dikeroyok oleh para prajurid. Sang Raksasa jatuh terkapar, tapi belum meninggal dunia, begitu ditanya, dia menjawab bahwa hendak melamar Sang Prabhu Jayabhaya. Sang Prabhu lantas menanyakan hal itu kepada Sang Raksasa, Sang Prabhu mendapatkan jawaban serupa. Sang Prabhu lantas berkata : Wahai Raksasa! Sepeninggalku kelak, disebelah barat dari daerah ini akan ada seorang Raja, letak istananya ada di Prambanan. Dialah nanti yang bakal jadi jodohmu. Akan tetapi janganlah kamu berwujud seperti itu, berwujudlah (ber-inkarnasi-lah menjadi) manusia, bergantilah nama Rara Jonggrang.”

Setelah diberitahu akan hal itu, sang Raksasa lantas meninggal dunia. Sang Prabhu lantas memerintahkan kepada para abdi dalem, agar supaya tempat dimana meninggalnya putri Raksasa tadi diberi nama Desa Gumuruh. Tidak begitu lama kemudian Sang Prabhu Jayabhaya lantas memerintahkan membuat arca didesa Bogem. Arca tadi berwujud kuda utuh dengan dua kepala. Kiri kanannya diberikan batas. Patih sang Prabhu yang bernama Buta Locaya serta Senapati yang bernama Tunggulwulung bersamaan menghaturkan pertanyaan apa yang menjadi alasan Sang Prabhu menyuruh membuat arca yang sedemikian itu. Sang Prabhu lantas menjawab, latar belakang beliau membuat arca sedemikian itu hanya untuk perlambang kejadian yang akan terjadi nanti, siapa saja yang melihat perwujudan arca tadi akan paham akan kelakuan wanita jaman nanti, jika sudah tiba masa jaman Nusa Srenggi. Bogem artinya tempat perhiasan indah, arti simboliknya bahwa wanita itu tempat menyimpan barang-barang rahasia. Laren (Batasan) yang mengelilingi arca kuda maksudnya juga larangan. Kuda yang dijaga berarti ibarat wanita yang dilindungi. Berkepala dua adalah perlambang jika wanita Jawa kelak kebanyakan tidak setia, walaupun tidak kurang-kurang dalam menjaganya, tetap saja bisa ingkar janji, Lagaran maksudnya adalah tempat tunggangan yang tanpa piranti apapun. Pada jaman nanti kebanyakan manusia hendak menikah tidak lagi meminta restu kedua orang tua, sebab sudah melakukan ‘lagaran’ dahulu, jika cocok ya jadi untuk menikah, tapi jika tidak cocok, maka urunglah dinikahi.

Sang Prabhu juga membangun candi, sebagai tempat bagi masyarakat yang meninggal dan jenasahnya dibakar disana, agar bisa kembali sempurna pulang ke alam sunyi. Kerak kali, sat upacara pembakaran mayat, Sang Prabhu berkenan hadir untuk memberikan penghormatannya.

Itulah adat kebiasaan para Raja dijaman dulu. Oleh karenanya aku memohon kepada Dewa (Tuhan), semoga Sang Prabhu (Raja sekarang) juga bersedia membangun candi untuk membakar mayat, sebagaimana adat para Raja jaman dulu, sebab diriku ini putra dhalang, jangan sampai lama-lama menjadi roh penasaran, jangan lama-lama jasadku berwujud utuh tanpa nyaea, aku berharap agar secepatnya bisa kembali ke asalnya. (Disini jelas, guru Darmagandhul, penulis buku ini seorang beragama Syiwa Buddha/Buda : Damar Shashangka).

Setelah Sang Prabhu Jayabhaya moksha, diikuti kemudian oleh Patih Buta Locaya dan Senapati Tunggulwulung, begitu juga putri Sang Prabhu Ni Mas Pagedhongan, semua ikut moksha. (Sang Prabhu Jayabhaya benar-benar moksha, artinya menyatu kembali dengan Brahman, sedangkan ketiga tokoh yang lain hanya sekedar berpindah alam : Damar Shashangka)

Buta Locaya lantas menjadi Raja Makhluk Halus di Kedhiri. Tunggulwulung menjadi Raja Makhluk halus di Gunung Kelud sedangkan Ni Mas Ratu Pagedhongan lantas menjadi Raja Makhluk halus di Laut Selatan, bergelar Ratu Anginangin.

Ada pula orang yang disayangi oleh Sang Prabhu Jayabhaya, bernama Kramatruna. Kala Sang Prabhu belom moksha, Kramatruna diperintahkan tinggal di danau Kalasan. Setelah tiga ratus tahun kemudian, putra Raja di Prambanan, bernama Lembumardadu atau Sang Pujaningrat naik tahta di Kedhiri, istananya terletak di barat sungai. KEDHI berarti wanita yang sudah tidak mendapatkan datang bulan (menopause) sedangkan DHIRI berarti tubuh. Yang memberi nama adalah Dewi Kilisuci, disesuaikan dengan kondisi beliau. Oleh karenanya Kedhiri diangap negara wanita, jika berperang kebanyakan menang, akan tetapi jika diserang banyak kalahnya. Watak para wanita Kedhiri, besar hati (percaya diri) sebab terkena aura Sang Retna Dewi Kili Suci. Retna Dewi Kilisuci itu adalah saudara tua Raja di Jenggala (Putra prabhu Airlangga, leluhur Raja-Raja Kedhiri dan Jenggala : Damar Shashangka). Pertapaan Sang Retna Dewi Kili Suci ada di sebuah gua, bernama Selamangleng, terletak dilereng gunung Wilis.

KETERANGAN TAMBAHAN.

Kanjeng Susuhunan Ampeldênta mempunyai seorang putri bernama Ratu Patimah kala menikah dengan Nyi Ageng Bela. Ratu Patimah menikah dengan Pangeran Ibrahim di Karang Kemuning. Setelah Pangeran Ibrahim Karang Kemuning wafat, Ratu Patimah lantas bertapa di Manyura. Pernikahan Ratu Patimah dengan Pangeran Ibrahim memiliki seorang putri bernama Nyi Ageng Malaka, dijdohkan dengan Raden Patah.

Raden Patah (Raden Praba), putra Prabhu Brawijaya dengan putri China yang lantas diberikan kepada Arya Damar Adipati Palembang. Setelah naik tahta bergelar Sultan Syah ‘Alam Akbar Sirullah Kalifaturrasul Amirilmu’minin Rajudil ’Abdu’l Hamid Khaq, atau Sultan Adi Surya ‘Alam ing Bintara (Dêmak).

Putri Champa yang bernama Dewi Anarawati (Ratu Emas) yang diperistri Prabhu Brawijaya mempunyai tiga putra.

1. Putri bernama Rêtna Pambayun, dijodohkan dengan Adipati Andayaningrat penguasa Pêngging, kala jaman pemberontakan negara Bali kepada Majapahit.

2. Raden Arya Lêmbupêtêng Adipati di Madura.

3. Masih teramat muda dan suka bertapa, bernama Raden Gugur, setelah muksa bergelar Sunan Lawu.

Kakak Putri Champa bernama Pismanhawanti dinikahi putra Syeh Jumadil Kubro yang terlahir dari Siti Fatimah Kamarumi, masih keturunan Kangjeng Nabi Muhammad, bernama Maulana Ibrahim, berasal dari Jedah, lantas pindah ke Champa, menjadi imam di tanah Asmara di Champa, sehingga lantas terkenal dengan gelar Syeh Maulana Ibrahim Asmara. Beliaulah ayahanda Susuhunan Ampeldênta (Sunan Ampel), Surabaya. Sedangkan adik putrid Champa laki-laki bernama Aswatidab. Sudah memeluk agama Islam, berguru kepada Syeh Maulana Ibrahim, lantas naik tahta menjadi Raja Pandhita di Champa menggantikan kedudukan ayahandanya. Berputra satu bernama Raden Rahmad. Sedangkan kakak putrid Champa yang dinikahi Maulana Ibrahim, berputra Sayid Ali Rahmad, dijaa terkenal dengan gelar Susuhunan Katib ing Surabaya, bertempat di Ampeldhenta lantas terkenal dengan gelar Susuhunan Ampeldênta (Sunan Ampel). Champa adaah wilayah yang terletak di India Belakang (Indo China). Sayyid Kramat yang diceritakan dalam buku ini bergelar Susuhunan ing Bonang (Sunan Benang).

Tamat
Share this article :

Posting Komentar

 
Support : Editing Website | Bms_75
Copyright © 2014. Bms_75
Template Editing and Published by Bms_75
Proudly powered by Blogger